Selasa, 26 Mei 2015

LASEM

Penulis Zamroni Allief Billah | Selasa, 26 Mei 2015 | 08.09.00 |

dening Allief Zam Billah

Kaya keprungu Nini Ampu ngrapal mantra
ngegla rara sinucen ngonjukke panuwun sapinggire Rawa Setra. Para resi, wara tribekti nyawiji ing panyuwun. Bumi Lasem tanah suci sawiji tansah ngayomi.

Apa ora mbok rungu Makdum Ibrahim medhar sabda ing Bonang.  Sawangen kae Santi Kusuma thiklu ing satengahe dalan. Ngematke lakune sang Guru, ngrasakke munggah mudhune napas mlebu metune karep padhang petenge krenteg

Candhi, pertapan, mejid, greja, vihara, klenteng lan apa maneh kang pengin koksawang. Kabeh gagah dadi pathok tentreme bumi Lasem sawiji.

Cina Arab Jawa lan wong kang mung mampir liwat. Gabah, Candhu, engga kapal kapal perang Majapahit kabeh cumepak ing kene mung tetege lakumu wae sing kudu kokgondheli kareben ora lali.

(Nyuplik cathetan mBah Tan) ~080415~

Tidak ada komentar:

 

Permainan Tradisional


Permainan Lainnya »

Kembang Boreh


Kembang Lainnya»

Laesan


Laesan Lagi»
..

Misteri

Dolanan

Tradisi

Gurit

Kembang ~ Mayang

Puisi

Cer ~ Kak

Laesan

Gambar Misteri

Artikel Disarankan Teman