Jumat, 23 November 2012

Simpen Rasamu

Penulis Zamroni Allief Billah | Jumat, 23 November 2012 | 16.44.00 | Location:Pasucen, Gunem 59263, Indonesia
deviantart

Rasa kuwi nate ana
ora dak selaki nalika dakpandeng gambarmu
ana geter getir jero dhadha

rasa kuwi ijih ana
aja mbok selaki senajan cukup aku kowe
ora perlu diucapake

rasa kang ana kareben sinimpen
ing lempite gurit
sajroning panjerit

cukup pandeng gambar kang liwat
banjur sawangen kekayon kang padha garing
lan suket-suket sing padha nglinthing
elingana ucapmu; Aja gugah macan turu

rasa kuwi mung pangridhu
dudu tresna sejati kang ana pangangenmu
krana ana donya kanga aran kanyatan

Rembang, 23 November 2012

Tidak ada komentar:

 

Permainan Tradisional


Permainan Lainnya »

Kembang Boreh


Kembang Lainnya»

Laesan


Laesan Lagi»
..

Misteri

Dolanan

Tradisi

Gurit

Kembang ~ Mayang

Puisi

Cer ~ Kak

Laesan

Gambar Misteri

Artikel Disarankan Teman