Minggu, 02 Desember 2012

Pabrik Semen, Sapa Bakal Dadi Tumbal

Penulis Zamroni Allief Billah | Minggu, 02 Desember 2012 | 11.37.00 | Location:Tegaldowo, Gunem 59263, Indonesia

Pabrik Semen, Sapa Bakal Dadi Tumbal
Tumbal: Senajan garing mangsa ketiga nyatane akeh cecukulan. Katon Gunung Butak arah lore Desa Tegaldowo

Salah sawijine pabrik semen ing wektu cedhak iki bakal buka pabrik ing wilayah Kecamatan Gunem Kabupaten Rembang. Ana sing padha gedhe atine merga ngarep-arep bakal dadi karyawan. Ana sing getun krana tanahe wis kadhung kadol uga akeh sing meneng wae merga ora mudheng babar pisan babagan ngadege pabrik.

Nalika aku nyoba takon pak Lik sing manggon persis ana desa sing bakale dadi tapake pabrik jawabe mung mesem kecut. Aku pengin ngerti apa pancen ana sosialisasi sing mumpuni saka pabrik semen kanggo wong desa minimal sing manggon ana ring siji.

Kadhangkalane pancen ana kumpulan ning kecamatan nanging mung petinggi karo perwakilan saka tokoh-tokoh sing ana desa. Nanging emane, jare Pak Lik, sakwise mulih sangka kumpulan kuwi mau ora ana bahasan babagan asile ing pertemuan kuwi. Mung yen kadhangkalane ing warung kopi, salah sijine padha kojah nek pabrik semen ngadeg butuhake karyawan sing banget akehe.

Miturut katrangan, pabrik semen sing ngadeg  ana Tuban butuhake karyawan 1000 lan 200 ing antarane sangka tenaga lokal Tuban.  Kabeh kuwi tenaga ahli sing duweni kapasitas kaya sing dibutuhake miturut standard perusahaan.

Tata cara seleksine sing bisa mlebu ing tenaga operasional kuwi super ketat merga standard sing digunaake uga dhuwur. Emane, ing wilayah sing bakal ditancepi pabrik semen mulai Desa Pasucen, Timbrangan, Tegaldowo, Suntri lan sakiwa tengene lagi padha thukul kesadharan sekolah ing tembe iki.

Upama tetanduran ngono, lagi semi durung nuwuhake maneka rupa kembang. Krana pancen adat lan kebiyasaan sing lumaku khususe ing Desa Tegaldowo, wong sing duwe anak wadon luwih bangga yen anake randha cilik tinimbang dadi prawan kliwatan. Tegese nganti kliwat umure nanging durung payu rabi.

Mula akeh sing lulus SD banjur dirabekake lan kadhangkalane yen wis ana sing ngarepake, senajan durung lulus SD tetep wae dinikahake. Nanging kuwi lima sepuluh tahun kepungkur. Saiki wis mulai cukul kesadharan kanggo nerusake sekolah senajan mung tekan SMP.

Bisa dibayangake, tangeh lamun yen kebutuhan karyawan Pabrik Semen bakal bisa dijupukake saka tenaga lokal wilayah tapak tambang. Mula bener kojahe salah sijine perwakilan pabrik, mengkone ora mung bisa ngarepake dadi karyawan pabrik nanging bisa ngadegake warung-warung kanggo nyedhiani sopir. Mula saiki akeh warung anyaran sing padha buka. Nanging sing akeh warung kopi dudu warung nasi.

Sakwise keprungu bakal ana pabrik gedhe ing wilayah Tegaldowo banjur akeh spekulan lan blantik-blantik lemah. Kawitane warga kana malah ora ngerti yen tanah sing dituku kuwi bakal dienggo tambang semen. Mula padha seneng nalika tanahe diborong kanthi rega sing rada larang tinimbang umume kekuwatan tukune warga kana.

Pategalan kuwi upama dituku warga kana dhewe paling dhuwur mung sepuluh juta, blantik kuwi wani nuku tikel loro. Senajan tikel lorone kuwi durung cocog kelawan rega sing sakmesthine. Merga ana katrangan yen pabrik kuwi wani nuku selawe ewu per-metere naging para blantik mung nuku tanah kuwi antarane 1500 engga 3000 per metere.

Pira-pira wae tanah kuwi dituku ora dadi soal kanggone wong tani sing penting ora diapusi, mung dienggo tumbale spekulan tanah engga pungkasane mung getun bareng ngerti saknyatane. Jarene, pihak pabrik duwe tim sing duwe tugas ngontrol lan ngawasi transaksi tanah kuwi. Nanging yen nyatane kaya mengkono ya mung ndobos.

Malah ana salah sawijine warga Dusun Dukoh Desa Tegaldowo ana sing bener-bener kapusan. Mbah Kasrun umure wis ngancik wolung puluhan. Manggon ana omahe sing wis reyot karo garwane. Putra-putrane wis padha omah-omah ing liya dhaerah. Ana Tuban, Jombang, Jember lan sing paling cedhak ana ing kecamatan liya ing Rembang.

Kawitane Mbah Kasrun ora karep adol tanahe. Nanging saben dina diparani karo tanggane sing dadi blantik tanah. Merga risi akhire tanahe sing ana wilayah cedhake Desa Kembang sida diculake marang blantik kuwi. Tanah sing ukurane meh rong hektare kuwi akhir tahun 2011 sepakat dituku 100 juta.
Kawitane diparingi panjer 5 juta trus ditambahi sepuluh juta lan sing rada gedhe diparingi 35 juta. Total sing diwenehake kanggo panjer mung 48 juta. Nanging nganti salin tahun tumekane akhir tahun 2012 ora ana pelunasan saka blantik apadene bose blantik kuwi tumekane saiki.

Lemah pategalan sing asale kanggo tetanen akeh sing wis padha kadol. Mula saiki warga kana pada babat alas istilahe "Medhok Ning Persil", urip ing alas dadi pesanggem. Miturut Suprihatin (47) warga Desa Tegaldowo, warga kana ora mung garap persil ing alas wilayah Kecamatan Gunem nanging teka Kecamatan Sale. Lan jare Ibu sing peputra loro iki, akeh warga kana sing golek persil tumekane alas wilayah Blora lan Pati.

Kabeh kuwi dadi pilihan merga lemah-lemah wis ora ana sing bisa digarap maneh. Liyane wis kadhung kadol kanggo tambang. Mula garap persil dadi pilihan kanggo nyukupi kebutuhan urip.



Tidak ada komentar:

 

Permainan Tradisional


Permainan Lainnya »

Kembang Boreh


Kembang Lainnya»

Laesan


Laesan Lagi»
..

Misteri

Dolanan

Tradisi

Gurit

Kembang ~ Mayang

Puisi

Cer ~ Kak

Laesan

Gambar Misteri

Artikel Disarankan Teman