Senin, 30 Juli 2012

Ontran-ontran Rembang

Penulis Zamroni Allief Billah | Senin, 30 Juli 2012 | 03.18.00 |

Kasunyatan
Ana crita apa ing jaman samana antarane Rembang lan desa-desa pereng wetane Gunung Butak ora ana sing mangerteni kanthi gamblang tumekane saiki. Nanging gilir gumantine mangsa ora ana sing wani nanggak kethoprak kanthi lakon Ontran-ontran Rembang.

Krana yen lakon iki dipentasake diyakini bakal ana gegere donya ing desa-desa kasebut. Antarane desa sing ana pereng wetane gunung ing wewengkon Kecamatan Sale kuwi Desa Bitingan lan Desa Tengger.

Mbah Gadhung nyritakake yen wis nate ana sing ora percaya karo crita sing kelaku kaya ngono kuwi. Engga nanggap kethoprak lan jaluk dipentasake lakon Ontran-ontran Rembang.

"Kethoprak sakrombongane main durung setengah lakon dumadakan panggung rubuh. Payon gendheng padha mlebat kaya arep digondhol angin. Banjur kethoprak ora diterusake kuwatir ana kedadiyan sing luwih nggegirisi," kojahe Mbah Gadhung.

"Durung maneh kedadiyan-kedadiyan sing tumiba sakwise lakon kuwi rampung dipentasake. Wis bola-bali sakelingku mesthi ana kedadiyan sing dadekke gegere desa sing nglakokke lakon kuwi," sambunge.

Mula tumekane saiki mligine rong desa kuwi ora wani nanggap tontonan kanthi lakon kasebut. Nanging prakara apa sing dadekake kaya ngono kuwi ora ana sing mangerteni.

Diyakini ana sambung rapete kelawan crita sejarah kang lumaku ingdalem jaman samana. Apa maneh akeh petilasan sing kasebar ing desa loro kuwi. Uga petilasan sing ana Gunung Buthak. Nanging kepriye gamblange ora ana sing bisa jlentrehake.

Tidak ada komentar:

 

Permainan Tradisional


Permainan Lainnya »

Kembang Boreh


Kembang Lainnya»

Laesan


Laesan Lagi»
..

Misteri

Dolanan

Tradisi

Gurit

Kembang ~ Mayang

Puisi

Cer ~ Kak

Laesan

Gambar Misteri

Artikel Disarankan Teman