Jumat, 22 Juni 2012

Kidang Doyan Wedang

Penulis Zamroni Allief Billah | Jumat, 22 Juni 2012 | 06.29.00 |
Jagat Aneh;

Gasulin lan kanca-kancane padha ribut. Padha golek cara karep rombongan nyambangi kidang sing doyan wedang. Kidang sing critane nembe nemu kuwi ana ing wewengkon Tempuran, pojok lor Kutha Blora. Engga wong Sale lan sak kupenge padha rebut dhucung rombongan mrana.

"Sing rada ngemperi menungsa kuwi alise. Nyelirit kaya dene alis menungsa. Engga dadi kiyakinane wong akeh yen kidang kuwi pancen ora sembarang kidang. Padha duweni panyana yen kidang kuwi kidang pesugihan," ujare Gasulin.

Kidang sing critane nembe nyekel awal Juni kuwi banjur dirangkeng ana kandang. Sangka pengakune wonng desa kana kidang kuwi ora gelem mangan suket apa dene gegodhongan kaya jamake kidang. Disuguhake ana ngarepe kidang kuwi sawernane jajan sing lumrahe kanggo menungsa. Kucur, rengginang lan sak pinunggalane.

"Ombenane sing disuguhke ya semono uga. Dudu banyu tawa nanging teh manis sing diwadhahi baskom. Jarene yen banyu putih, apa maneh banyu mentah kidang kuwi ora gelem ngambus. Suket lan rambangan ya ora gelem nyenggut. Nanging bareng disuguhi jajan, sega lan teh manis kidang sing mitur panyanane wong akeh kidang daden-daden kuwi lagi gelem. Ngombene jare ya sajak seger kaya dene menungsa," ucape Gasulin.

Pancen miturut sebagiyan wong pinter kang nyebutake yen ana salah sijine pesugihan sing memba wernane kewan. Ana sing dadi kidang uga ana sing dadi celeng utawa asu. Nanging ngenani kepriye benere durung ana sing bisa buktekake.

Gasulin uga dawakake crita yen biyen ana ing salah sijine desa nyekel kidang. Bareng kidang kuwi arep disembelih malah nangis drenginging kaya jaluk diwelasi. Nanging wong akeh sing wis kebacut pengin mangan daging ora perduli karo tangise kidang kuwi.

"Sakwise disembelih lan daginge dibagi banjur padha digoreng dhewe-dhewe. Kira-kira rong sasi sakwise kidang mau diboleng wong desa ana salah sawijine wong kang mara desa kuwi. Ngurus bener apa salahe yen wulan kepungkur ana kidang sing nyasar ana desa banjur dibelih. Banjur wong kuwi jaluk lulang kidang utawa balunge sing mbok menawa ijih ana sing nyimpen," critane Gasulin.

Lulang apa dene balung kuwi jare Gasulin sing kanggo sarana balekake nyawane. Yen ora nganggo sarana kuwi, ujare mokal nyawane bisa ketulung. Banjur sing golek pesugihan memba kidang kuwi mau uga kukut nyawane bareng oncate nyawane kidang.

Tidak ada komentar:

 

Permainan Tradisional


Permainan Lainnya »

Kembang Boreh


Kembang Lainnya»

Laesan


Laesan Lagi»
..

Misteri

Dolanan

Tradisi

Gurit

Kembang ~ Mayang

Puisi

Cer ~ Kak

Laesan

Gambar Misteri

Artikel Disarankan Teman