Rabu, 09 Mei 2012

Pitik Cemani Kang Dadi Kunci

Penulis Zamroni Allief Billah | Rabu, 09 Mei 2012 | 12.49.00 | Location:Paseyan, Jatirogo, Indonesia

Wis sawatara wektu jasade Tata ora ditemokake. Sangka katrangane polisi ana sms kang ngandhakake yen prawan kencur kuwi dipateni pacare. Pancen wis ana seminggu dheweke ora bali mulih. Bengi pungkasan nana sing weruh yen Tata dipapag kancane ana ngomah. Nanging sakwuse kuwi kabeh padha ora ngerti ana ngendi papan dununge wadon kuwi.

Kabeh cara wis dicoba kanggo nggoleki Tata. Nanging tetep wae ora ana gambaran ana ngendi papan dununge bocah kuwi. Werna-werna dhawuhe wong tuwa kang diparani. Ana sing kandha yen Tata ijih urip, liyane maneh kandha yen wis mati naging ana sakiwa tengene dalan kampung.

Ana salah sawijine wong pinter sing paring syarat supaya wong tuwane Tata tuku pitik Cemani. kanggo sarat nemokake jasade Tata sing pancen muturut dheweke wis mati. Krana miturut wong sepuh iku mung pitik ireng mulus kang aran cemani kuwi sing bisa dadi sarana. Dalan nemokake wadage bocah kang wis dipulasara dening pacare.

Ing prapatan sing dadi patemon antarane Tata lan pacare, ritual nyembelih pitik cemani dileksanakake. Getih kang semu ireng kuwi nelesi lemah prapatan. Pangajabe kepriye jalma ghaib sing ana wilayah kono melu rerewang nuduhake ing ngendi parane bocah sing digoleki kuwi.

Getih kang isih kanthil ana gaman kang digunakake kanggo nyembelih cemani banjur diusap nganggo kraka. Godong jati garing kuwi sakwuse dienggo ngusapi getih banjur diulungake marang kang duwe kajat. "Turuten ana ngendi dalan sing dadi pangajake atimu. Ya kuwi bebisik kang bakal nggawa awakmu marang putrimu," ujare wong tuwa kuwi.

Banjur godhong garing kuwi diremet lan disebar sithik mbaka sithik nurut dalan kang kumrentek ana atine. Rasa ndhredheg lan kaya-kaya ana ngalam sing beda karong dedalan sing biyasane diliwati. Petenge wengi dadekake kahanan saya tintrim. Angin uga melu sepi ora ana kang obah usik babar blas.

Lakune bapake Tata mara ngidul tumuju kuburan. Sawuran godhong garing lembut kaya semut sing ngiring lakune wong setengah tuwa kuwi. Nanging nalika tekan pinggir kuburan wong lanang ii wis ora kuwat ngempet rasane. Banjur lumayu bali ana pinggir dalan maneh gabung kelawan kanca liyane kang ijih ngenteni ana kana. Ritual dipungkasi tekan semono. Krana nalika tekan pinggir kuburan dheweke krungu suwara-suwara aneh kang kaya padha paring bebisik ana ngendi papan dununge putrane.

Isuke sawatara jam sanga jasade Tata ketemu ana pinggir kali cedhak kuburan sing mau bengi diparani. Alam pancen tansah paring pratandha tumrape manungsa. Nanging manungsa kadhang kalane sing ndableg ora gelem ngrungokake apa kang kumrentek ana atine. Mula sing sapa bae gelem tirakat ngempet nepsune yekti bakal nduweni ati sing landhep. Krana bisa jupuk warta lan pratandha sangka alam iki.

1 komentar:

Unknown mengatakan...

pitek walek puteh mulus - digunakan sebagai tolak balak dan penetral jika penah belajar ilmu hitam yaitu agar tidak kena / terhindar dari akibat bahaya yang ditimbulkan. juga sebagai pendatang keberuntungan kunjungi pitik walek putih mulus

 

Permainan Tradisional


Permainan Lainnya »

Kembang Boreh


Kembang Lainnya»

Laesan


Laesan Lagi»
..

Misteri

Dolanan

Tradisi

Gurit

Kembang ~ Mayang

Puisi

Cer ~ Kak

Laesan

Gambar Misteri

Artikel Disarankan Teman