Senin, 02 April 2012

Trah Luhur, Sepi Korupsi

Penulis Zamroni Allief Billah | Senin, 02 April 2012 | 11.32.00 | Location:Sale, Indonesia



Kacang ora ninggal lanjaran. Semono uga klapa ceblok ora bakal adoh sangka uwite. Paribasan iki pancen dadi ngelmu titen tumrape lelakone wong kang urip ing ngalam bebrayan. Bocah sing lair sangka kluwarga kang duweni trah utawa dharah seni umpamane. Bocah kuwi jamake ya ora bakal adoh lumaku sangka garis sing ana gandheng cenenge karo babagan kesenian.

Mula ing desa nalikane ana pilihan lurah biyasane ana siji pitakon kang kuwetu sangka para warga. "Dheweke kuwi nyalon lurah apa nduwur-dhuwurane ana sing tau dadi lurah?"

Engga tumrape kiyakinane jamake masyarakat sing duweni trah lurah ya yekti kuwi sing bakal dadi pimpinane desa ing mangsa kang bakal tumeka. Senajan ya ana kalane kenyataane beda karo apa kang diomongke sakdurunge. Calon lurah sing duwe trah sangka dhuwur-dhuwurane kalah karo calon liyane sing ora duweni trah.

Mula ana tembung guyonan "Trah luhur kuwi kalah karo bandha luhur". Sing duwenin trah lurah nanging kalah ingdalem amplopane ing mengkone ya kalah karo sing duweni bandha luhur.

Rusaking adat lan budaya luhur kang lumaku ana ing donya iki yektine dirusak dhewe dening para manungsane. Engga ing saperangane tahun kawuri iki kabeh diukur sangka gumebyare bandha lan donya. Sing sapa duweni bandha akeh ya kuwi sing bakal dadi panguwasane.

Mula rusak nalikane milih pimpinan ora linambaran rasa. Nurani wis katutup mencoronge donya. Engga ora katon maneh ngendi sing kelakuwane becik lan bisa mimpin lan ngendi sing mung nepsu pengin dadi panguwasa.

Yen sing lumaku mung nepsu pengin dadi panguwasa engga ingdalem lakune mung ngutamaake bandha donya kanggo nggayuh kamukten yekti ing tembene bakal nemoni bilahi. Sengsara kanggone masyarakat krana pimpinane mung murih balekake modhale nalika arep nyalon. Semono uga getun kuduwung tumrape pribadine pemimpion kuwi mau.

Kabeh cara dienggo supaya bisa ngumpulake bandha donya. Lali kuwajibane kanggo maluyaake rakyate. Ing pungkasane mung ngringkuk ana bui amarga keladuk kakehan korupsi.

Tidak ada komentar:

 

Permainan Tradisional


Permainan Lainnya »

Kembang Boreh


Kembang Lainnya»

Laesan


Laesan Lagi»
..

Misteri

Dolanan

Tradisi

Gurit

Kembang ~ Mayang

Puisi

Cer ~ Kak

Laesan

Gambar Misteri

Artikel Disarankan Teman