Senin, 02 April 2012

Bupati partikelir, Senajan Kalah Tetep Dadi Bupati

Penulis Zamroni Allief Billah | Senin, 02 April 2012 | 02.43.00 | Location:Sale, Indonesia

Kecamatan Sale pancen kecamatan sing beda karo kecamatan liyane ana Kabupaten Rembang. Amarga ing kecamatan Sale akeh bupatine. Senajan kecamatan nanging Sale duweni bupati sing ora ketung cacahe. Krana ana Sale akeh seniman kethoprak engga akeh banget sing dadi bupati.

Nanging ana salah sawijine Bupati ana Sale sing beda kelawan bupati kethoprak. Kholid Mukri, kasebut tumekane saiki dadi 'Bupati Partikelir'. Sakrampunge dheweke nyalon dadi bupati Rembang ing taun 2010 wingi, senajan kalah akeh sing nyebut dheweke kelawan sebutan pak Bupati.

Apa maneh yen nepaki kumpul kelawan komandan Koramil Sale, Ganda Tarius. Danramil siji iki sing dadekke populer sebutan bupati partikelir tumrape Kaji Kholid. Sebutan kuwi ora dadekke cuwa Kaji Kholid nanging malah mongkog. Krana mantan calon bupati siji iki pancen seneng guyon.

Lan saben tanggal ngepasi pilkada wektu dheweke kalah, Kaji Kholid ngundang warga sakiwa tengene. Atusan warga padha kumpul bancaan tasyakuran. Miturut Kaji Kholid kabeh kang kelaku ing ngalam donya iki kudu didhasari kanthi syukur marang gusti.

Ora mung prakara sing enak lan nyenengake thok. Nanging bisa nampa prakara sing dianggep ala lan pacobane gusti uga kudu disyukuri. Yen sapa wonge gelem tansah sumeleh lan syukur marang gustine yekti bakal nampa ganjaran sing luwih gedhe.

Rasa ayen lan tentrem nalika bisa nampa titahe gusti kuwi wujud kanugrahan sing ora ketung. Ora saben wong kaparingan rasa sumeleh lan narima kodrate kang kuwasa. Nanging manungsa kudu tansah budi daya kepriye anggone urip ing ngalam bebrayan iki bisa tansah sumeleh lan waspada.

Tidak ada komentar:

 

Permainan Tradisional


Permainan Lainnya »

Kembang Boreh


Kembang Lainnya»

Laesan


Laesan Lagi»
..

Misteri

Dolanan

Tradisi

Gurit

Kembang ~ Mayang

Puisi

Cer ~ Kak

Laesan

Gambar Misteri

Artikel Disarankan Teman