Senin, 16 April 2012

Teater Mistis

Penulis Zamroni Allief Billah | Senin, 16 April 2012 | 06.38.00 |


Ora ana prakara kang mokal lumaku ing ngalam donya iki. Mula tumrape wong kang lumaku ing dedalan pasrah, dheweke ora gampang gumunan. Ora mung ana lambe nanging nyataake kanthi rasa yen kabeh kang lumaku kuwi wujud panguwasane bendarane. Ya kuwi gusti pengerane kang tansah sinebut ing sajroning ati.

Mula kanggone ora ana kang lumaku kejaba panguwasane gustine. Prakara kang lumaku ala ora gampang nyela semono uga prakara gedhe kang ngedab-edabi. Kabeh kang lumaku ing ngalam donya mung dadi jalaran nuwuhake rasa pamuji lan gawok tumrape gustine.

Mung kaagungane gusti kan tansah katon ing panyawange. Semono uga pangrungune uga tansah dadi dedalan tuwuhe rasa syukur lan memuji gusti. Sangka sakehing kang rinungu dadi jalarane ngrungokke dhawuhe gustine. Engga ora rinungu, ora rinasa, ora mendheg lan ora mlaku kejaba kang dirasakake mung panguwasane gustine. Gusti kang datan pegot dipepuji.

Engga tumrape para kinasih, jalma pinilih kang duweni drajat rinaket gustine ora ana barang kang mokal tumrape dheweke. Kapara sakwise kapundhut lan wis ora ana ing ngalam donya isih katon mencoronge. Kayata nalika ing teater kang dilakokake ana salah sawijine panggonan ana Rembang.

Ipien Ngedhot, lan sakwenehe warga Rembang kang mirsani teater kuwi padha kaget nalika Slamet Gundana nyebut Kyai Mutamakin, salah salah sawijine jalma pinilih. "Yai Mutamakin, nyuwun sewu kula nganggo lakon jenengan," ngono ucape Ipin nirokake ucapane Slamet Gundana.

Nalika ngucap nyuwun ijin, Slamet Gundana duding lampu kang persis ana dhuwure. Pyar...! dumadakan saknalika beling lampu kuwi pecah. Dadeakake swasana sangsaya tintrim mlebu ing ngalam pikirane dhewe-dhewe.

"Swasanane dadi mistis banget. Embuh sangka ngendi asale nanging kabeh sing ana kono kaya dikunci ati lan cangkeme. Ora bisa digambarake kepriye kahanane, nanging rasane ora bisa dilalekake," ujare.

Lan sing aneh miturut Ipien, handycam papat kang digunaake kanggo dokumentasi pementasan kuwi ora ana sji-sijiya sing kasil dibuka. Kabeh rusak engga ora ana dokumentasi pentas bengi kuwi. Nanging kedadiyan kuwi dadi rekaman sing kuwat ora bisa dilalekake tumrape kang teka ana kana.

Durung maneh kedadiyan-kedadiyan kang ora mengku nalar liyane. Pancen nalika gusti kersa nuduhake panguwasane marang kawulane apa wae bisa dadi dalan lantaran.

gambar; 35photo

Tidak ada komentar:

 

Permainan Tradisional


Permainan Lainnya »

Kembang Boreh


Kembang Lainnya»

Laesan


Laesan Lagi»
..

Misteri

Dolanan

Tradisi

Gurit

Kembang ~ Mayang

Puisi

Cer ~ Kak

Laesan

Gambar Misteri

Artikel Disarankan Teman