Jumat, 27 April 2012

Syuting Tipi Telung Dina Ora Ning Mburi

Penulis Zamroni Allief Billah | Jumat, 27 April 2012 | 06.00.00 | Location:Wonokerto, Sale, Indonesia


Senajan wadon nanging dedeg piadege gagah gedhe dhuwur. Pani wadon umur 43 tahun warga Desa Wonokerto Kecamatan Sale Kabupaten Rembang iki duweni kekendelan sing ora kaya lumrahe wong wadon liyane. Mikuli rencek sangka alas, menek klapa lan sakpinunggalane biyasa dilakoni Pani

Nanging nalika ana salah sawijine stasiun tipi nawani arep ngajak 'live show', Pani ngajokake siji syarat. Dheweke gelem diajak menyang Jakarta nanging kudu nganggo mobil. Nunggang montor mabur Pani ora wani merga wedi yen ceblok.

Mangkat Jakarta Pani dikancani Nur Said, bojone uga anake sing nomer loro lan sing ragil. Mbarepe ora gelem dijak mennyang Jakarta pilih nang omah wae tunggu omah. Pungkasane Pani tekan Jakarta nanging atine sumpyoh ora jenak kelingan omah.

"Deleng wewangunan sing guwedhi lan dhuwur dhuwur atiku rasane mrinding. Lha bangunan jik sakmono dhuwure. Sakumur-umur ya lagi iki aku metu sangka desaku. Nyatakke yen gedhung sing dhuwur-dhuwur kuwi jebul ana temenan. Ora mung ana tipi," ujare karo mlengeh.

Tekan Jakarta engga bali Rembang telung dina suwene. nanging sasuwene kuwi Pani crita yen dheweke ora bisa pipis ya ora kudu ana wc. Rasa wedi dadekake wadon kuwi ora kepingin apa-apa kejaba enggal bali desa.

Nur Said, bojone wis ngandhani Pani supaya biyasa wae. Nanging Pani tetep wae kaku, malah jajan lan maeman sing ditumbasake pihak tipi ora ana sing disenggol.

"Babar blas ora gelem mangan apa-apa. Aku kuwatir yen para wartawan kuwi nguwatirake bojoku ikii. Nanging bareng tekan ngomah mangane kaya wong setahun ora mangan sega. Entek akeh banget kaya wong sing nembe bebas sangka kunjara," ujare Nur karo gemuyu.

Pancen prakara donya kuwi sejatine ora nyata mung wewayangan sangka wujud kang sejati. Kaya ngono dhawuhe para winasis. Gumantung manungsane kepriye anggone nggula wenthah rasa kang ana. Lan manungsa dhewe kang nyekel kendhaline. Arep dadi kepriye lan arep kaya piye...

Tidak ada komentar:

 

Permainan Tradisional


Permainan Lainnya »

Kembang Boreh


Kembang Lainnya»

Laesan


Laesan Lagi»
..

Misteri

Dolanan

Tradisi

Gurit

Kembang ~ Mayang

Puisi

Cer ~ Kak

Laesan

Gambar Misteri

Artikel Disarankan Teman