Selasa, 10 April 2012

Kamim Bocah Telepati

Penulis Zamroni Allief Billah | Selasa, 10 April 2012 | 05.45.00 | Location:Sale, Indonesia


Pawakane cilik ora ndayani. Malah saperangane warga nganggep yen Kamim bocah ora waras. Nanging beda panyawange Mbah Tom. Dhewekne ngandharake yen bocah kuwi sejatine duweni kaluwihan. Senajan tata laire kaya bocah ora nggenah nanging nyatane ora kaya panganggepe uwong akeh.

"Mung wae jamake warga ora bisa mangerteni apa kang sejatine dikarepake Kamim. Krana dhewekne duweni basa sing beda ora kaya lumrahe. Babagan bedane basa iki sing dadekake wong akeh padha nganggep yen Kamim bocah ora nggenah," ujare.

Kamim miturut Mbah Tom duweni kelantipan ing pangrungu. Senajan sepira adohe nalika Kamim isih ana wewengkon Sale saben diundang bapake mesthi enggal bali. Embuh kepriye larah-larahe nanging kaya ngono kang kelaku ing saben dinane. Krana Mbah Tom uga tangga cedhake Kamim.

Dhewekne ngaku asring ngaweruhi nalika bapake Kamim ngundang sangka ngomah. Anggone ngundang kuwi mau ora nganggo mbengok sing banget bantere. Apa maneh nganggo kekuwatan ghaib lan sak pinunggalane. Nanging anggone ngundang Kamim kaya ngundang bocah sing ana ngarepe dhewekne.

"Ora let suwe, sakwuse Kamim diundang mesthi dumadakan mak bedunduk ana ngarep omah. Yen diundang kok suwe ora bali kuwi bisa dipesthekke yen Kamim lunga adoh sangka tanah Sale. Soale angger ijih ana Sale wae mesthi bali," Mbah Tom nyritakake.

Pancen manungsa kuwi ora bisa katilik mung sangka tata laire. Ora mokal sing tata laire ora ndayani nanging saknyatane duweni kaluwihan sing nedab-ngedabi. Jarene para winasis, ya kaya ngono kuwi anggone gusti nuduhake panguwasane kang sejati. Supaya para manungsa padha bisa mikir lan angen-angen.

Mula jarene para simbah biyen, dadi manungsa ora kena gampang nuruti panyana. Ora patut lamun mung nuruti panyawang sing kadhangkalane kebak ing pangrikudaya. Krana barang kang sejati cumondhok ana jero ati. Ati sing wening anduh sangka rasa dakwen kemeren. Tansah sumeleh maring panguwasane gusti.

Tundhane bisa tansah ngegungake gusti kelawan mulyaake kawulane. Engga ora gampang nyela sapada-pada. Krana nalika manungsa isih seneng mbiji liyan nuduhake yen atine isih ana rereged kang kudu diresiki. Krana kanggone wong kang mlaku ana ing dedalane pengeran, reresik ati kuwi kukume wajib. Supaya tansah nginjen-nginjen tansah budi daya kepriye amrihe supaya tansah keparek marang gustine.

gambar: http://deviantart.net

Tidak ada komentar:

 

Permainan Tradisional


Permainan Lainnya »

Kembang Boreh


Kembang Lainnya»

Laesan


Laesan Lagi»
..

Misteri

Dolanan

Tradisi

Gurit

Kembang ~ Mayang

Puisi

Cer ~ Kak

Laesan

Gambar Misteri

Artikel Disarankan Teman