Senin, 12 Maret 2012

Dhawet Cap Dhemit

Penulis Zamroni Allief Billah | Senin, 12 Maret 2012 | 06.16.00 | Location:Tahunan, Sale, Indonesia



Babar prakara siji iki ora bakal ana enteke. Angel tinemu nalar nanging tansah dadi isen-isene jejagongan. Apa maneh saben malem jemuwah (jumat), kaya ana sing nuntun wae, dumadakan jejagongan gayeng dadi ngalih babar bangsa alus.

Weden ing tanah wingit kana, dhemit sing nunggu wit gedhe kae lan si suta nembe diweruhi pocong lan sakpinunggalane. Kabeh nembe sadhar yen kuwi malem jumat nalika ana sing ngelingkae.

Prakara sing nyata nanging angel dinyataake. Utawa suwalike, prakara kang ora nyata nanging akeh nyatane. Kabeh gumantung marang panemune dhewe-dhewe. Bakune prakara dhemit lan sakbangsane iki ora bakal ilang lan tansah dadi rerembugan ngiring lakune alam iki.

Senajan jaman sangsaya maju nanging nyatane ora dadi jalaran ilange fenomena-fenomena sing kaya ngono kuwi. Kaya dicritaake Bambang, salah sawijine pegawe ana PT SAF, ana Desa Tahunan Kecamatan Sale Kabupaten Rembang. Ing kana akeh alat berat modern kang ditekakake kanggo sarana eksploitasi. Watu gamping, karst lan embuh pira maneh jinise kasebar ana ing kana.

Ana kedadiyan kang lucu nalika arep ngebur watu. Bambang nyritaake, sakdurunge watu dijupuk kanthi blasting utawa dibledhosake luwih dhisik dibor. Tujuwane kanggo mangerteni sepira akehe watu kang bisa kajupuk. Dadi kaukur sepira akehe sakwuse dibolongi kira-kira 50-60 meter. Nanging salah sawijine dina nalika ngebur ana kaanehan. Bor sing biyasane ora nate rewel, ana salah sawijine titik ana kono dumadakan macet.

"Sakwise bor tumancep kira-kira rong puluhan meter macet. Ora bisa ditarik munggah ya ora kuwat arep dijablasake mudhun," ujare. Banjur padha meneng angen-angen kepriye polahe supaya bisa nerusake ngebur utawa apes-apese bisa ajabut bur kuwi. Dumadakan, nalika swasana tintrim kabeh padha lebur ing pikirane dhewe-dhewe, ana salah sawijine pegawe kang ngetokake suwara.

"Bor iki bisa diterusake yen ditukokake dhawet. Iki jare simbahku nalika semana. Mbah Jo, sing baureksa wilayah kene iki kelangenane dhawet," ucape.

Merga wis padha cunthel buntu nalare, salah sawijine petugas sing ngebur kuwi mlayu mudhun ana kampung. Arep golek dhawet kanggo sarana. Ora suwe banjur wong kuwi wis bali maneh ana titik bor macet. Bungkus dhawet, liyane kanggo sing ngebur lan salah sijine disorake mlebu ana bolongan bor. "Iki dhawet senenganem mbaaaah, aku rewangi mergawe ya...." ana sing celometan guyon.

Nyata! sakwise mesin diuripake, banjur bor bisa dilakokake maneh kaya ora ana kedadiyan apa-apa. Ora tinemu nalar nanging saknyatane kaya ngono kedadiyan kang ana. Tansah dadi lan ninggalake crita. Lan bisa dadi tuladha marang sapa bae sing bisa jupuk manpangate.

Tidak ada komentar:

 

Permainan Tradisional


Permainan Lainnya »

Kembang Boreh


Kembang Lainnya»

Laesan


Laesan Lagi»
..

Misteri

Dolanan

Tradisi

Gurit

Kembang ~ Mayang

Puisi

Cer ~ Kak

Laesan

Gambar Misteri

Artikel Disarankan Teman