Jumat, 03 Februari 2012

Telpon Nganggo Genuk

Penulis Zamroni Allief Billah | Jumat, 03 Februari 2012 | 10.46.00 | Location:Sale, Indonesia
Telpon Nganggo Genuk

Ana sing ora lumrah sing dilakoni warga Desa Bitingan Kecamatan Sale Kabupaten Rembang. Nalika ngundang sedulure sing ana panggonan sing adoh. Ora nganggo layang  apa maneh nganggo telpon. Nanging nganggo genuk utawa wadhah banyu sangka lemah.

Nalika sedulure utawa bapa biyunge ana panggonan sing adoh lan dikarepake enggal bali ndesa warga kono duweni cara sing aneh. Siwur utawa jebor (gayung sangka bathok klapa) sing biyasane dienggo nyidhuk banyu genuk ditata pinggir genuk.

Banjur wong kang kepingin ngundang sedulure sing ana panggonan sing adoh ancik-ancik siwur mau. Sirahe dilebokke separo ana jero genuk banjur ngundang sedulure kang dikarepake. Embuh piye nalare, nanging cara mau dipercaya warga kono bisa ndhrodhog atine sedulure. Engga wong kang dimaksud mau banjur enggal bali menyang desane maneh.

Ora suwe, sakwuse jeneng disebut lan diundang sangka jero genuk langsung ora krasan ana panggonan sing adoh. Suyatno salah sijine kang wis nyataake telepati kang wis turun temurun kuwi. Nalika ibune menyang Jakarta dolan ana sedulure sing ana kana. Wis sawatara seminggu, ibune ora enggal bali.

Banjur Suyatno nganggo cara kuwi. Nyatane, besuke ibuke bali ana Desa Bitingan. "jane aku ya ora percaya. Nanging sakwise nyataake jebul ces pleng," ujare Yatno.

Yatno ngerti cara sing kaya mengkono kuwi sangka simbahe. Dheweke diutus simbahe supaya ngundang ibune sing ana Jakarta kareben enggal bali desa. Pancen ora tinemu ing nalar nanging sanyatane wis ana sing bukteake.

Tidak ada komentar:

 

Permainan Tradisional


Permainan Lainnya »

Kembang Boreh


Kembang Lainnya»

Laesan


Laesan Lagi»
..

Misteri

Dolanan

Tradisi

Gurit

Kembang ~ Mayang

Puisi

Cer ~ Kak

Laesan

Gambar Misteri

Artikel Disarankan Teman