Senin, 20 Februari 2012

Macan Pengkrong, Sampur Bawur

Penulis Unknown | Senin, 20 Februari 2012 | 06.09.00 | Location:Sale, Indonesia



Jaman saya maju, akeh kabudayan lan tata adat sing ditinggalake dening warga. Nanging uga akeh sing tetep jaga lestarining adat. Salah sawijine adat sing isih lestari mligine ana Rembang wetan ya kuwi adat sampur bawur.

Karang padesan kang ana wewengkone Gunung Butak mulai Desa Tegaldowo, Timbrangan, Pasucen, Dowan Kecamatan Gunem uga Desa Bitingan, Pakis lan sakpinunggalane sing ana Kecamatan Sale Kabupaten Rembang isih jaga lestarine adat iki engga tumekane saiki.

Sampur bawur miturut Ki Kusuma, salah sawijine sesepuh ana perenge Gunung Butak nyebutake yen Sampur Bawur duweni maksud kanggo tolak balak. Nyenyuwun maring pengeran supaya tinebihna sangka sakehing bebaya kang bakal tumiba.

"Miturut crita sing lumaku, sampur bawur iki bibit kawite sangka crita panyebar agama Islam sing asma Sayyid Hamzah sangka Blora," jare Kesuma

Sayyid Hamzah sing luwih dikenal kanthi sebutan Macan Pengkrong. Sangka kaluwihane sing bisa duweni kekuwatan ngumpamani macan. Malah bisa malih rupa dadi macan beneran nalika dheweke kepepet. Engga karang padesan kang diliwati padha nyebut wong linuwih iki kanthi sebutan Macan Pengkrong.

Macan tegese kekuwatane kang ngedab-ngedabi ngdalem ngresiki rerged ana desa. Maling rampog kabeh padha tumpes dening slirane. Pengkrong mengku karep yen dheweke ora bakal nyidra lan gawe cilaka marang liyan. Uripe mung kanggo merjuwangake rakyat lan wong cilik sing padha kesusahan.

Mung wae, ana bebanane nalika desa-desa kuwi wis resik sangka rampog apadene begal. Warga padha diajak nyenyuwun marang gusti supaya didohake sangka sakehing bebaya. Ing mangsa labuh utawa mangsa antarane mangsa ketiga methuki mangsa rendheng.

Kembang lan apem gorengan nanangan dikumpulake nyampurnaake sega ambeng. Didongani ana pedukuhan utawa ana mesjit. Sakwise kuwi saben wong siji ngaturake apem siji utawa loro sak-manasukane kanggo diklumpukake dadi siji. Yen wis ngumpul banjur dipendhem ana pertelon utawa prapatan karo kembang sing digawa.

Tundhane kembang lan sesajen kang dipendhem bisa dadi panulak sangka bebaya. Ora ninggalake donga lan puji mring gusti methuki mangsa rendheng kang bakal teka. Ngonjukake panyuwun supaya desa aman lan urip tentrem kanthi kaparingan panen sing apik.

1 komentar:

Suhadi Rembang mengatakan...

menarik sekali deskripsi sahabat Laes Sejati tentang Tradisi Sampur Bawur. Suatu tradisi hasil interaksi antara manusia dan alam dalam membangun harmoni. Dari deskripsi ini, saya semakin yakin bahwa masyarakat Tegaldowo telah memiliki perilaku pranata lingkungan dalam menghadapi bencana alam. Dalam deskripsi sahabat Laes Sejati, telah menyibak bongkahan pemikiran Masyarakat tegaldowo yang sebenarnya kaya akan gagasan harmoni manusia dan alam.

 

Permainan Tradisional


Permainan Lainnya »

Kembang Boreh


Kembang Lainnya»

Laesan


Laesan Lagi»
..

Misteri

Dolanan

Tradisi

Gurit

Kembang ~ Mayang

Puisi

Cer ~ Kak

Laesan

Gambar Misteri

Artikel Disarankan Teman