Sabtu, 25 Februari 2012

Oe Ing Kyat lan Perangan Sejarah Lasem

Penulis Zamroni Allief Billah | Sabtu, 25 Februari 2012 | 16.04.00 | Location:Lasem, Indonesia



Lasem, akeh crita kapendhem ana kana. Petilasan, candi, tapak suku Hayam Wuruk lan klentheng kuna kasebar ana Lasem. Akeh crita sejarah Lasem sing ora kacathet ana buku sejarah. Nanging sangka tilas kang ana Lasem dadi salah sijine kutha sejarah kang ilang sangka buku sejarah.

Tanggal 24 Februari 2012, 'Kethek Ogleng Baca Puisi' salah sawijine komunitas kesenian ana kutha Rembang napak tilas ana kutha Lasem. Bebarengan kelawan Forum Komunikasi Masyarakat Sejarah (Fokmas) lasem, kekarone guyub nelisik Lasem rikala semana.

Ora kurang wong pitung puluhan bebarengan munggah Gunung Bugel ana pesareyane tokoh perang kamardikan, Oe Ing Kyat. Akeh komunitas sing padha teka melu mangayu bagya kegiatan kang kagelar awan kuwi. Seniman sangka Pati, Semarang uga Tuban katon guyub. Mratelaake yen Lasem duweni kaendahan kang duweni daya magnet tumrape para pelaku uga pandhemen seni lan sejarah.

Nabila, salah sawijine seniman sangka Tuban babarake rasa tresnane marang Lasem. Dheweke ngaku, ngerti saknyatane lasem sakwuse bebarengan nelisik perangan sangka sejarah Lasem. Katelisik sangka wewangunan kuna kang isih ngadeg kanthi gagah. Katon sangka seni tradisi kang isih ngrembaka kajaga.

"Mongkog rasane ati, seneng banget bisa ngrasaake bebarengan karo para sesepuh Lasem uga kadang seniman Rembang. Lasem pancen kutha kang elok lan akeh perangan-perangan kang ora katulis ing buku-buku sejarah," kojahe.

Senajan ora sithik buku kang ngemot babagan kutha Lasem, Nabila ngandhakake, yen ngambah dhewe ana Lasem nembe mangerteni kaya apa endahe kutha iki. Katilik sangka tinggalan kang isih apik kajaga, Nabila duweni kiyakinan yen Lasem duweni kabudayan kang maju rikala jaman semana. Ora mung kuwi, Lasem bisa nuduhake yen sejatine sumpahe Gajah Mada nyata ana kana.

"Nyawiji ing antarane etnik Cina, pesantren lan kejawen nuduhake yen Lasem dadi mini ature sumpah Palapa. Kabeh manunggal ngilangake embel-embel agama, ras lan kiyakinan campuh merangi walanda," jare Nabila.

Heri Utoro, peserta liyane rumangsa cuwa. Matahun-tahun urip ana Kabupaten Rembang nanging Lasem, kuthane dhewe dheweke ora mangerteni sejatine. Pecinta alam lan guru SMK Kehutanan Rimba Taruna iki ngaku telat mangerteni sejarah Lasem.

"Ora mung aku, aku yakin ijih akeh wong Rembang liyane sing durung ngerti sejatine Lasem. Kutha kang kebak crita, kutha sejarah kutha kang endah," ucape Heri.

Mula Heri duweni gegayuhan kepriye kutha kang endah iki bisa dadi kutha pariwisata. Dadi jujugane wisatawan domestik apadene manca. Krana Lasem miturut Heri duweni sekabihane. Kawit wisata religi tumekane wisata kuliner lan sejarah. "Lontong tuyuhan, pasujudan sunan bonang lan akeh maneh panggonan kang bisa dituju. Eman banget yen pamerintah ora cancut tali wanda babagan kutha iki," pengarepe Heri.

Sakwise rombongan napak tilas ana Gunung Bugel, leren sedhela ana omah candu. Salah sawijine omah cina asli nomer wolu sak Indonesia. Ernantoro, ketua Fokmas ngandhaake yen omah iki biyen dadi punjere candhu sakdurunge disebar ana kutha-kutha liya. "Diselundhupake sangka jalur segara banjur diunjal nganggo prahu liwat kali Bagan. Ana jalur rahasia sing langsung mlebu tumuju omah candu," Toro nerangake.

Tilase ijih wutuh. Ana salah sawijine kamar ing omah Candu ana bolongan kang ngemperi sumur. Wong kang deleng ora bakal ngira yen kuwi jalur rahasia tumekane kali. Bolongane bunder persis sumur dhudhukan. Uga banyune kang katon sangsaya nyamarake sejatine bolongan kuwi. "Ngiso kono amba banget. Prahu biyen bisa teka ana ngisor kene, ajan bolongan iki mung bisa dileboni wong siji," kojahe Toro nerusake.

Mula rombongan banjur numpak prahu liwat kali Bagan tumuju segara. Sapinggire kali katon wewangunan kuna lan prahu-prahu kang dicancang. Wong wadon padha nyulam gawe jareng. Uga akeh bocah cilik sing padha lelangenan ana kali Bagan. "Sayange kali apike ngene kok akeh regede," salah sawijine peserta ngersula.

Tidak ada komentar:

 

Permainan Tradisional


Permainan Lainnya »

Kembang Boreh


Kembang Lainnya»

Laesan


Laesan Lagi»
..

Misteri

Dolanan

Tradisi

Gurit

Kembang ~ Mayang

Puisi

Cer ~ Kak

Laesan

Gambar Misteri

Artikel Disarankan Teman