Kamis, 02 Agustus 2012

Sariawan, Idu Cah Angon Tambane

Penulis Zamroni Allief Billah | Kamis, 02 Agustus 2012 | 04.08.00 |

Iki kanyatan sing lumaku ana Desa Bitingan Kecamatan Sale. Mbok manawa semono uga ing perangane desa liyane ing Kabupaten Rembang lan umume ing tanah jawa. Yen ana bocah lara endrak (sariawan) tamba sing paling ampuh ya kuwi idune bocah angon.

nanging ora semabarang cah angon sing idune bisa kanggo tamba. Bocah angon sing nggerek pisanan utawa paling ngarep dhewe sing idune bisa dadi tambane bocah cilik sing lagi nandang lara endrak.

Mula, wong tuwa sing anake lagi nandang lara kasebut dheweke banjur ngenteni ana ngarep omah. Karo nggendhong bayine banjur sabar ngadeg aja nganti ora nemoni bocah angon sing nggerek pisanan.

Krana ya mung kuwi tetamba sing paling murah tur nyatane kabukti. Sakwise diidoni sakcukupe, krana mung kanggo sarat banjur bocah cilik sing nandang lara kuwi biyasane banjur lerem. Pungkasane, ora suwe mangsane banjur ilarang larane.

Yen miturut 'medis' menawa wae ya ora ana juntrunge. Apa tumon idu kok bisa dadi tamba kaya dene obat-obatan. Senajan saknyatane kaya ngono kuwi wis dadi cara kanggo nambani lelara.

Pancen donya iki akeh prakara sing kadhang kalane ora tinemu nalar. Nanging wujud nyatane kelaku kaya ngono. Nuduhake yen menungsa ora duweni daya apa-apa. Kejaba kabeh pancen daya panguwasane gusti pengeran.

Lelara kuwi pirang-pirang jenenge uga akeh dalane. Merga angin wektu bengi, bisa dadekake pileg lan sakpinunggalane. Semono uga tetamba sangka wernaning lelara. Mung idune cah angon wae nyatane bisa dadi jalaran marasaka lelara.

Yen wis kaya ngono kuwi apa isih bisa nyombongake awake apa dene keampuhane?. Krana saknyatane sing ampuh ya mung gusti pengeran. Ewa dene dalane sing werna-werna. Klebu liwat jalaran disuwuk, diidoni lan liya-liyane. Kabeh mau mung dadi srana nuduhake gedhene panguwasane Gusti Allah.

2 komentar:

Mayang mengatakan...

sangka daya panguwasane Gusti

Kidung mengatakan...

mung kersane Gusti

 

Permainan Tradisional


Permainan Lainnya »

Kembang Boreh


Kembang Lainnya»

Laesan


Laesan Lagi»
..

Misteri

Dolanan

Tradisi

Gurit

Kembang ~ Mayang

Puisi

Cer ~ Kak

Laesan

Gambar Misteri

Artikel Disarankan Teman