Selasa, 12 April 2011

Kelangan

Penulis Zamroni Allief Billah | Selasa, 12 April 2011 | 10.00.00 |
Kelangan

Kabur kanginan ngubengi jagad wewayangan
mbok manawa keprungu kabarmu
kang rina tumekane wengi tansah dakanti

apa pancen wis tumeka mangsane
dina – dina endah kacarita
nalika bebarengan, reruntungan
mung cathetan lawas buntel trasi

nyatane  tresnamu ora beda tela mangsa ketiga
ilang sirna sakwise grimis tumeka
tangis guyumu nalika semana
kapendhem cidra lan purba

apa ora cukup anggonku gondheli
sesering cakra ing astamu
mobat mabit kagawa lesus kang tumeka
saben mangsa candhikala

jebul gegayuhanku mung pepaesing impen
sakkedheping netra banjur lunga
ana thelenging wengi kang cinidra

Rembang, 10 April 2011

http://www.omahrembang.org/2011/04/kelangan.html

Tidak ada komentar:

 

Permainan Tradisional


Permainan Lainnya »

Kembang Boreh


Kembang Lainnya»

Laesan


Laesan Lagi»
..

Misteri

Dolanan

Tradisi

Gurit

Kembang ~ Mayang

Puisi

Cer ~ Kak

Laesan

Gambar Misteri

Artikel Disarankan Teman