Senin, 18 April 2011

Brandhal Semeru

Penulis Zamroni Allief Billah | Senin, 18 April 2011 | 13.02.00 | Location:Sale, Indonesia

Brandhal Semeru

        Babar pisan ora nyana yen wadon kang umure setahun luwih tuwa sangka yuswane ibuku, isih lincah banget anggone nunggang jaran. Jaran kang suwe ora nate metu sangka gedhogan kuwi kaya – kaya entuk kamardikan nalika digawa mubeng desa dening Sri Nastiti.

       Nalikane simbah wis kondur ana alam kelanggengan, ora ana siji – sijia sangka anak putune Simbah kang gelem nunggang jaran kelangenane simbah. Brandhal Semeru, jenenge jaran iki krana entuk nalika simbah puputan sangka semedi ana gunung Semeru. Entuk wisik yen simbah bakal katekan priya loro kelawan penganggo sarwa ireng bakal ngaturake titihan marang Simbah.

       Ora suwe, mudhun sangka ereng – erenge Semeru mlebu tapel wates desa ana priya loro kang mapag simbah. Jaran lanang ireng mulus, sangka kulitane kang mengkilat katon yen iki dudu jaran sembarangan. Mesthi jaran kang dirumat temenan dening sing duweni jaran kuwi.

       Nanging simbah lali karo wisik nalika semedi ana Semeru. Merga banget anggone gumun karo jaran kang gagah kuwi engga ora takon marang pawongan loro kang nyekeli tali jaran. Dielus – elus jaran kuwi mau mulai sangka endhase tumekane buntute, babar pisan ora duwe cela.

       “Badhe tindak pundi Ki Sanak?” simbah takon marang pawongan loro kuwi tanpa mengo sangka ngungune marang jaran kang edi peni kuwi. Ora ana wangsulan banjur simbah ngambali takon kanthi madhep marang pawongan loro kang kawit mau meneng ora caturan kaya pengawal ana kiwa lan tengene jaran.

       Simbah kaget, jebul pawongan loro kuwi wis ora ana panggonane lan bareng noleh maneh marang jaran kang dielus – elus jebul ya wis ora ana panggonan. Sepi, mung angin gunung kang miyak gegodhongan kaya  - kaya ngawe simbah lan ngece marang wong sepuh kuwi.

       Pancen kawit sangka nalika isih nom – noman biyen, Simbah pengin kagungan tunggangan, malah kadhangkalane kagawa sare engga nglindur. Yen wis ngono Mbah Putri sing sok duka marang simbah.

       “Wis tuwek ora akeh – akeh anggone ngibadah, nyembah pengerane malah ngalamun wae. Mbok wis to Mbah ora bisa duwe jaran ya wis, sing penting anak putu seger kuwarasan padha nyandhang pangan cukup, ora malah neka – neka pengin duwe tumpakan wae nganti kagawa nglindur barang. Wis pikun ngono mbok enggal tobat,” yen wis ngono banjur sak isi omah padha tangi. Merga mbah Putri kuwi yen wis kadhung ngendikan ora perduli bengi utawa rina bantere ora ukuran. Yen wis ngono genti anak putune sing nglerem Mbah Putri.

       Ngilangake rasa kuciwa yen jebul jaran lan pawongan loro kang mapag Simbah ana tapel wates desa mung nglamun, Simbah banjur nerusake laku nerjang gegrumbulan alas lan pategalan. Golek dalan kang cepet bisa tumeka omah banjur leyeh – leyeh lan guyon karo anak putu.

       Padesan kang diliwati simbah sangsaya peteng ora mung merga mendung kang katon nggantung ing angkasa, nanging uga wis wektune wengi tumeka. Omah joglo ana pojok desa wis katon wuwunge, daleme simbah lan putrane uga putune klebu aku putu lanang dhewe.

       Arep nothok lawang, simbah kaget keprungu suwara jaran. Nanging simbah kelingan rikala mudhun sangka Semeru banjur ora direken.

      “Assalamu’alaikum”
       “Wa’alaikum salam,” Mbah putri semaut sangka jero ngomah. Sakdurunge simbah pinarak ana kursi banjur mbah Putri neter pitakon marang simbah.
       “Mbah, wong lanang loro kuwi mau sapa?” simbah bingung marang pitakone simbah putri, mung mlongo ora bisa jawab.

      “Sore mau ana pawongan loro kang ngaku utusane sampeyan ngeterake jaran ireng kae ana mburi omah,” simbah ora caturan banjur pinarak, angen  - angen kedadiyan ana tapel wates desa ngisor Semeru.

       “Jaran kuwi Brandhal Semeru mbah, mau ana juragan kang paring jaran iki merga taktulungi ing satengahing laku. Banjur aku diparingi jaran iki nanging takkon ngeterke langsung wae ana omah kene,” simbah mangsuli sakbisane supaya ora ana pitakon maneh sangka simbah putri.

       Brandhal Semeru iki mbok menawa wae ya sakumuranku, kurang luwih telung puluh tahun. Krana biyen rikala jaran iki diterke ana omah iki nalika aku umur wolung tahun. “Jaran iki umure padha karo umurmu,” Ngendikane simbah kala semana.

       Sri Nastiti, wadon sangka paran, embuh yen sangka logate dheweke iki kaya jawa timuran nanging ya ora cetha ngendi asli omahe. Mung sing takngerteni nalika kawitan pinarak ana omah iki, crita yen dheweke iki gawene lelungan golek pengalaman sangka ngendi panggonan kang diliwati. Atut playune angin lan karepe ati.

       Sangka pasuryane katon yen dheweke pancen wis tumekane ngancik yuswa patang puluh liwat. Jebul bener nalika ngenalake marang ibu, dheweke luwih tuwa setahun tinimbang yuswane ibu.

       Telung dina nginep ana omah iki, bendinane mung nyawang lang ngelus – elus Brandhal Semeru. Kaya  - kaya wis kayungyun marang jaran kelangenane Simbah iki. Nanging senajan ora nate ditunggangi, jaran kuwi mung dirumat kanthi becik dielus – elus bendinane. Aku sing sregep golek suket kanggo pakan jaran iki. Amarga ora sembarang suket dheweke gelem mangan. Lan sing mangerteni kesenengane jaran iki ya mung aku krana kawit jaran iki dadi keluwarga ana omah iki, aku sing asring diutus simbah golekke suket nganti tumekane saiki.

       Dina kaping telu nalika aku reresik kandhange Brandhal, Sri nastiti dumadakan ana mburiku nyablek pundhak banjur bebisik.

       “Kang mas, aku nyuwun diparengake badhe nyobi turangga punika,” aku ora bisa jawab mung nyawang wae. Kuwatir mengko yen nemoni blahi nalika nggawa Brandhal.
       “Boten sisah kuwatir mas, ingkang baken kangge ngasta turangga, kita kedah nyawiji marang turangga punika, menawi sampun saget mekaten yekti boten bakal wonten kedadosan kados ingkang panjenengan kuwatosaken,” ucape Nastiti kalem nanging mantep kaya rada meksa yen aku kudu entuk yen disilihi jaran iki.

       “Mangga mbak yu, menawi panjenengan ngersaaken lan panjenengan saget ngiyakinaken bilih panjenengan saget ngasta turangga punika,” nadyan rada kuwatir ya ben, sangka ucape wadon setengah umur iki bisa nunggang Brandhal Semeru.

       Rada alus kawitane, taksawang wae anggone wadon iki anggone ngunggahi jaran kang dhuwure ngungkuli dhuwure wadon iki. Brandhal Semeru pancen ora ana tandhingane ana desa iki. Ireng mulus gedhe dhuwur kaya jaran sumbawa.

       Saya suwe sangsaya banter nganti kaya – kaya ora katon napak lemah anggone Brandhal lumayu ngetutake kendhali kang ana astane wadon iki. Desa krasa geter sangka panjejege sikile turangga. Wit – witan katon mobat – mabit, omah – omah padha miring kaya ana lindhu tumeka.

       Aku bingung ngrasaake sirahku, sangsaya abot muter – muter ngetutake playune jaran kang ana tangane Nastiti. Mripat peteng ora ngerti ana kedadiyan apa maneh mung sing takrasakke kaya mabur ana awang – awang ngubengi desa lan kahanan kang sarwa peteng kaya nalika candhikala. Rasane ana gegerku kaya nggendhong pawongan, bareng tak lirik jebul Sri Nastiti ngasta kendhali. Kemrincing sangka gentha kang ana guluku dadi gendhing kang ngiring nalika ngubengi padesan lan sakehing kahanan.

Rembang, 18 April 2011

Tidak ada komentar:

 

Permainan Tradisional


Permainan Lainnya »

Kembang Boreh


Kembang Lainnya»

Laesan


Laesan Lagi»
..

Misteri

Dolanan

Tradisi

Gurit

Kembang ~ Mayang

Puisi

Cer ~ Kak

Laesan

Gambar Misteri

Artikel Disarankan Teman