Kamis, 21 April 2011

Kartini

Penulis Zamroni Allief Billah | Kamis, 21 April 2011 | 08.53.00 | Location:Sale, Indonesia

Kartini, Apa Arti Emansipasi

Kembeng netramu ningali kahanan, ora kepranan
wadon – wadon sakpungkurmu pada mlayu
sangka palagan tinggal kaprawiran

sepi sangka sedya
panjangka luhur dadi crita purwa
macak manak tinggal masak
emansipasi wis salah arti

omah padha suwung
krana sakpungkurmu padha lunga
tinggal jarit boyong kampung
ngambah kutha ngungkal raga

Kartini apa kang dadi seja gati
enggal dhawuhna saiki uga
krana kuping ati lan netra padha wuta
salah kaprah mangerteni
emansipasi kang sejati

Rembang,19 April 2011

Tidak ada komentar:

 

Permainan Tradisional


Permainan Lainnya »

Kembang Boreh


Kembang Lainnya»

Laesan


Laesan Lagi»
..

Misteri

Dolanan

Tradisi

Gurit

Kembang ~ Mayang

Puisi

Cer ~ Kak

Laesan

Gambar Misteri

Artikel Disarankan Teman