Selasa, 31 Agustus 2010

Lintang Panjer Wengi Kang Dadi Seksi

Penulis Zamroni Allief Billah | Selasa, 31 Agustus 2010 | 21.23.00 |
Zamroni Allief Billah

Lintang Panjer Wengi Kang Dadi Seksi

Katon kemelip ing akasa
sumunar padhang pasuryanmu
kaapit mega mega maneka warna
saha lintang lan rembulan

embuh tumeka kapan
angin wengi iki tansah ngancani
anggonku kukuh ngugemi janji

tansah reruntungan lawan sliramu
ngubengi saindhenging wengi
kang nate cinidra ing godha

suwara rikuh gambuh
campuh angreridu
satengahing sembah tetirah
uga ing wengi sepi iki
rikala aku lan seliramu
netepi suka lawan padu

sananjan pisah ing wujud
nanging rasaku lan rasamu
tansah rinakut nyawiji
satengahing goda rencana

suwara suwara kang ngayawara
angreridu kadya gludug tanpa udan
ing kanan lan kering

aku bakal setya tuhu
mring seliramu netepi janji
sineksen lintang panjer wengi

Tidak ada komentar:

 

Permainan Tradisional


Permainan Lainnya »

Kembang Boreh


Kembang Lainnya»

Laesan


Laesan Lagi»
..

Misteri

Dolanan

Tradisi

Gurit

Kembang ~ Mayang

Puisi

Cer ~ Kak

Laesan

Gambar Misteri

Artikel Disarankan Teman