Rabu, 01 September 2010

Kaendahan Kuwi Aran Sepi

Penulis Zamroni Allief Billah | Rabu, 01 September 2010 | 21.18.00 |
By: Zamroni Allief Billah

Kaendahan Kuwi Aran Sepi

Ngubengi lurung lurung suwung
bumi wingit kang kebak sinengker
ngupadi ganda arum wewangen
kang nate mampir ing pangeling

jejogedan pindha widadari
kang tumurun kairing kidung sonyaruri
mbarengi rembulan kang lagi ndadari

sumeblak sampur nyebar arum
ganda melati saha wewangen
kang ora nate dak mangerteni

miyak ganda bacin kang kagawa
angin sore saka lurung lurung suwung
ara ara samun

apa ya wangi iki kang sinebut wahyu suci
kaya pocapane para sepuh kang titi
gati mring kang wujud saha sirri

nanging tumekane wengi kaping telu
ora tinemu nadyan mung wewayangan
kaendahan kang wingi nemahi

Rembang, 01 September 2010
witing gumelar saka sonya

Tidak ada komentar:

 

Permainan Tradisional


Permainan Lainnya »

Kembang Boreh


Kembang Lainnya»

Laesan


Laesan Lagi»
..

Misteri

Dolanan

Tradisi

Gurit

Kembang ~ Mayang

Puisi

Cer ~ Kak

Laesan

Gambar Misteri

Artikel Disarankan Teman