Senin, 30 Agustus 2010

Ing Pucuking Giri Rinangkul Ratri

Penulis Zamroni Allief Billah | Senin, 30 Agustus 2010 | 21.09.00 | Location:Sale, Indonesia

Zamroni Allief Billah

Ing Pucuking Giri Rinangkul Ratri

Wengi nyenyet
sumilir angin dalu angrantu
uga gegodhongan lan sato kewan
satemah memuji kinanthi kidung suwung

ngebaki rasa kang wus sawatara
sirna sangking aran manungsa
namung wadag kang njugrug katon
kaya gunung kang gundhul tanpa witwitan

sajroning wengi kang sepi
munggah jumangkah sapucuking giri
mencorong katon kadya kedhaton

ngawe awe datan kemlambe
Rabi’ah hya narpendah
nggugah rasa enggal jumangkah

semendhal sajroning ati
mbrebes mili ngajak enggal bali

ndherekke pepujaning ati
mring pangayunaning gusti
lumayu aneng pucuking giri

Rembang, 30 Agustus 2010
Ing ereng erengan Giri Kedhaton

Tidak ada komentar:

 

Permainan Tradisional


Permainan Lainnya »

Kembang Boreh


Kembang Lainnya»

Laesan


Laesan Lagi»
..

Misteri

Dolanan

Tradisi

Gurit

Kembang ~ Mayang

Puisi

Cer ~ Kak

Laesan

Gambar Misteri

Artikel Disarankan Teman