Rabu, 06 Februari 2013

Upama Bisa

Penulis Zamroni Allief Billah | Rabu, 06 Februari 2013 | 11.56.00 | Location:Kajar, Gunem 59263, Indonesia
Tombak pring kang nancep ing regol desa
jebul gawe getering celeng-celeng sing arep ngrusak
ndhusiri lemah-lemah sawah
ngrusak tetanduran lan sumberan

Orek-orekan dipasang saben omah
jebul dadi jimat ampuh
tolak balak kanggone wong-wong asing
sing arep gawa mesin-mesin giling

Watu lemah gunung lan sawah
ing sabuk ijo Gunung Kendheng
sapa sing bakal jaga lan ngreksa

Yen pring-pring wis padha dirubuhake
barongan lan wit-witan dimusnahke

Tancepke tombak pring ing saben pojok desa
pasang orek-orekan saben omah supaya dadi pratandha
yen bumi lan sumberan iki isih ana sing jaga

Rembang, 060213

Tidak ada komentar:

 

Permainan Tradisional


Permainan Lainnya »

Kembang Boreh


Kembang Lainnya»

Laesan


Laesan Lagi»
..

Misteri

Dolanan

Tradisi

Gurit

Kembang ~ Mayang

Puisi

Cer ~ Kak

Laesan

Gambar Misteri

Artikel Disarankan Teman