Jumat, 08 Februari 2013

Sapa Sing Salah

Penulis Zamroni Allief Billah | Jumat, 08 Februari 2013 | 10.23.00 | Location:Sale 59265, Indonesia

Jakarta kerem mangsa rendheng tahun iki
banjir tangis banjir rereged sing ora nate diresiki
tekane istana presiden kebak jejember
nggilani

Sapa sing patut disalahke
nalika kabeh padha ora duwe rumangsa
reruwet rereged kebak saknagara
apa sih pantes kasebut Indonesia

jare negara sing gemah ripah loh jinawe
anane mung tukar padu
isine mung dol tinuku
antarane sing salah lan sing kleru

Coba iki lelakon apa
Jakarta banjir nanging Rembang ora bisa padha icir
pari-sapi-prawan-sawah-luku-garu nggantung gulu
sapa sing salah

Rembang, 080213

Tidak ada komentar:

 

Permainan Tradisional


Permainan Lainnya »

Kembang Boreh


Kembang Lainnya»

Laesan


Laesan Lagi»
..

Misteri

Dolanan

Tradisi

Gurit

Kembang ~ Mayang

Puisi

Cer ~ Kak

Laesan

Gambar Misteri

Artikel Disarankan Teman