Sabtu, 28 Juli 2012

Ngaji Lelang Wesi Aji

Penulis Zamroni Allief Billah | Sabtu, 28 Juli 2012 | 13.17.00 |

Jagad Aneh
Menawa wae iki siji-sijine kedadiyan kang ana ing ngalam donya. Kyai kang ana dhuwur panggung pengajian ing Desa Kebonharjo Kecamatan Jatirogo Kabupaten Tuban Senin (9/7), nglelang pedhang sangka salah sijine santri. Kyai kuwi diaturi bebana rupa pedhang Arab 'Sholahudin Al Ayyubi', minangka pisungsun sangka santri marang gurune.

Prabu, salah sijine santri kang uga kolektor tosan aji ing minggu pungkasan sakdurunge rawuhe Syeh Rojab, Kyai sangka Syiria, bisa kasil narik tosan aji rupa pedhang arab kuwi.

Sangka ritual kang dilakoni sakwuse dheweke rumangsa oleh pituduh sangka Syeh Rojab nalika mandeng fotone. Banjur enggal ditarik sangka ngalam gaib. Jebul rupa pedhang loro, sing siji cendhak kira-kira ukuran 50 cm. Sijine dawane ora kurang sangka sak meter.

"Kabeh kebak tulisan utawa kaligrafi Arab. Sakwise pedhang iki kasil daktarik sangka alame, kumrentek ana atiku kanggo ngaturake pedhang iki kanggo Syeh Rojab. Mula sakwuse panjenengane rawuh banjur dakaturke," kojahe Prabu.

Syeh Rojab, gurune Prabu banjur nampa tosan aji kang diaturake marang dheweke. Pedhang sing ora asal gaweyan empu ing tanah jawa kuwi banjur diunus dipamerake ingdalem satengahe pengajian. Supaya para santri liyane weruh kaya ngapa matohe pedhang kuwi.

"Pedhang iki umure ora kurang sangka telung atus tahun. Nanging ijih apik lan kramut tumekane saiki. Iki minangka seksi sejarah moncere tentara Islam ingdalem jaman samana," tuture Syeh Rojab nerangake.

Kabeh prakara kang lumaku ana ing ngalam donya iki gumantung niyate. Kaya dhawuhe para winasis nalika mejang santrine. Ngandharake dhawuh 'Innamal a'malu binniyat'. Kabeh kalaku sangka krenteke ati kang sinebut niyat.

Mula wis dadi niyate Prabu nalika didhawuhake dening kyaine mau ana salah sijine panggonan ngaji kang butuhake 'dana' kanggo bangun. Tosan aji koleksine diaturake kyai. Banjur ing satengahe pangajian kuwi tosan aji rupa pedhang di-lelang.

Tidak ada komentar:

 

Permainan Tradisional


Permainan Lainnya »

Kembang Boreh


Kembang Lainnya»

Laesan


Laesan Lagi»
..

Misteri

Dolanan

Tradisi

Gurit

Kembang ~ Mayang

Puisi

Cer ~ Kak

Laesan

Gambar Misteri

Artikel Disarankan Teman