Jumat, 06 Juli 2012

Jaran Kepang Umur Atusan Taun Wutuh

Penulis Zamroni Allief Billah | Jumat, 06 Juli 2012 | 07.07.00 | Location:Sale, Indonesia

TRADISI
Kasimpen ana daleme Mbah Bani, salah sijine sesepuh grup 'Barongan Sale' ing Desa Sale Kecamatan Sale. Jaranan sing digawe sangka kepang pring iki umure kurang luwihe ana yen satus taun. Nanging ijih wutuh ora rusak babar pisan.

Janadi, salah sijine 'pemain' ana grup Barongan iki ngandhaake yen jaranan liyane akeh sing padha rusak kapangan mangsa. Nanging jaran kepang werna ireng iki tumekane saiki dadi seksi kondhange Barongan Sale jaman semana.

"Pirang-pirang jaran kepang sing umure sangisore iki. Sing digawe taun-taun kawuri. Nanging akeh-akehe yen wis ngancik umur sepuluh tahun mulai padha rusak. Beda karo jaran ireng mulus iki," ujare.

Janadi ngandhaake yen jaran ireng mulus iki kaya-kaya bisa urip dhewe. Nalika gedhoge wis disabetake kaya-kaya bumi geter. Banjur jaran ireng mulus iki kaya kedunungan nyawa. Upama dienggo sapa wae banjur bisa joged sak nalika.

"Senajan sing nganggo wong sing ora nate sinau jaranan paribasane. Bisa dipesthekake dheweke banjur joged ngetutke lakune tetabuhan sangka yaga Barongan," kandhane Janadi.

Barongan Sale miturut saperangane warga sing menangi kondhange biyen padha nyataake. Pancen Barongan Sale kaya-kaya wis kasinungan sipating barong. Engga kabeh padha bisa urip duwe nyawa dhewe-dhewe.

Damun, salah sawijine putrane Mbah Bani benerake crita kuwi. Dheweke ngandhaake yen biyen kabeh padha ngakoni kondhange Barongan Sale sing dipandhegani Mbah Bani lan Mbah Saliman.

"Kekarone minangka Suhu kang ngisi siji mbaka siji Barong, gendruwon, jaranan lan liyane. Lan yen barongan rampung Bapak lan Pak Dhe Saliman sing balekake ruh-ruh sing mlebu ana ing sekabihane babarong,"  kojahe.

Nanging Barongan Sale sing kondhang kawentar kuwi kari crita lan Jaran ireng mulus sing kasimpen.

Tidak ada komentar:

 

Permainan Tradisional


Permainan Lainnya »

Kembang Boreh


Kembang Lainnya»

Laesan


Laesan Lagi»
..

Misteri

Dolanan

Tradisi

Gurit

Kembang ~ Mayang

Puisi

Cer ~ Kak

Laesan

Gambar Misteri

Artikel Disarankan Teman