Sabtu, 26 Mei 2012

Koma Wurung, Gendruwo Linglung

Penulis Zamroni Allief Billah | Sabtu, 26 Mei 2012 | 12.55.00 |


Saben jalma sing urip ana donya iki kanthi kekuwatan lan pengapesane dhewe-dhewe. Senajan sepira ampuhe yekti kabeh duweni apes. Krana begja lan cilka kuwi wis dadi kodrate gusti. Gandheng renteng kaya dene rina lan wengi. Miturut Mbah pranoto, salah sawijine sesepuh Rembang, kaya ngono uga gambarane dhemit lan sakpinunggalane.

Kaya siji conto gendruwo sing sok ngridhu menungsa. Jalma siji iki kondhang kelawan sipate sing jail methakil. Ganggu menungsa kelawan nguyuhi, colong jupuk lan liya liyane. Nanging uga duweni wateg manut marang bendarane. Mula kadhangkalane ana menungsa sing duweni ingon-ingon rupa gendruwo.

Mbah Pran nyritakake yen gendruwo duweni pengapesan. "Yen istilahe ana jawabe. Upama nalika liwat ana panggonan sing wingit dumadakan ana gendruwo cukup nyebut jawabe. He kowe koma wurung aja ngganggu aku koma dadi. Yekti gendruwo sing arep nggodha bakal kisinan lan ora sida nggodha," ujare Mbah Pranoto.

Sing kaya ngono kuwi Mbah Pranoto crita yen wis nate nyatakake dhewe. Malah ujare ora pisan pindho nalika dipethuki gendruwo ya kuwi jawabe. "banjur mak plas ilang ora ana wujud lan hawane,".

Pancen samubarang ana donya iki isine ya mung loro.Antarane ngisor lawan dhuwur lanang lawan wadon uga rina lawan wengi. Semono uga sing sapa ngerti pengapesane wong utawa jalma sing duweni kakuwatan yekti bisa ngasorake. Mula nalika duweni kekuwatan utawa dadi panguwasa uga ora kena sak kepenake dhewe.

Ora ngerti apese dhewe engga kudu tansah ati-ati nalika lumaku ana ngalam donya. Senajan ya ora kurang wis ngati-ati lan waspada uga isih kena bilahi. Nanging wis dadi kuwajibane menungsa kudu tansah ikhtiyar lan budidaya kepriye supaya bisa lumaku kanthi becik ora ana alangan utawa sandhungan.

Tidak ada komentar:

 

Permainan Tradisional


Permainan Lainnya »

Kembang Boreh


Kembang Lainnya»

Laesan


Laesan Lagi»
..

Misteri

Dolanan

Tradisi

Gurit

Kembang ~ Mayang

Puisi

Cer ~ Kak

Laesan

Gambar Misteri

Artikel Disarankan Teman