Sabtu, 12 Mei 2012

Jebul Ora Mung Crita Misteri

Penulis Zamroni Allief Billah | Sabtu, 12 Mei 2012 | 09.47.00 |
Alaming lelembut kanggo jamake menungsa, alam kang adoh ora ginayuh. Nanging ora kaya ngono tumrape Kesuma. Senajan mung ing wujud crita nom-noman siji iki asring magepokan karo alaming lelembut. Nulis crita misteri kanggo sawenehe kalawarti basa jawa lan uga kanggo ngisi 'blog pribadi'-ne.

Ora saben nulis crita dheweke ngrasakake nanging luwih ping lima dheweke krasa ditekani dening bangsa alus. Lan ora kurang miturut dheweke nalika nulis crita Kesuma rumangsa dituntun karo jalma sing ora katon kuwi. "Kaya ana bebisik sing nuduhake yen alur critane kaya mangkene lan mangkene. Engga asring banget sakwuse tulisan rampung aku banjur ndomblong sakwuse maca jebul critane kaya mangkono," ujare.

Sepisanan nalika ditekani bangsa alus kuwi nalika nulis crita misteri ing salah sawijine panggonan wingit. Dumadakan ana ambu wengur sing ora kaya ambune barang sing ana ing donya. Dheweke mung mbatin, apa iki sing jarene wong akeh ambune gendruwo?. Sakwise ana angin banter sing dumadakan nyapu kamare, ambu lan hawa sing aneh kuwi ilang. Banjur Kesuma nerusake anggone nulis crita.

"Sing pungkasan nembe minggu wingi, sasi April 2012. Nalika aku nulis salah sawijine crita wadon sing dipateni lan mayite dibuwang ana jurang. Embuh ketepakan apa pancen pangridhune bangsa alus kawit nulis weteng kaya disat. Ana jamban akehe ora ketungan. Nanging weteng ora ngrasakake lara kaa nalika lara weteng. Rasane normal nanging kaya kebak terus engga kudu menyang jamban wae. Nembe mari ora ana mburi nalika majalahe wis terbit," tuture Kesuma.

Urip ana donya ini isine pancen mung loro. Rina lan wengi, nyata lan ghaib. Engga ora mokal ana kedadiyan kang ora mlebu nalar nanging saknyatane kedadiyan kuwi nyata anane. Kudu tansah ajen kinajen antarane sapa wae. Senajan jalma sing ora katon yen bisa tansah jaga yekti ora bakal ana kedadiyan sing nglarakake siji lan sijine.

Semono uga kabeh makhluke gusti sing wujud ing ngalam donya iki. Lemah, kayu, kewan kudu tansah dijaga supaya alam tansah lumaku kanthi becik. Yen ora bisa jaga wit-witan lan kekayon yekti bakal nuwuhake banjir lan keduwung ing tembene. Mula ora kena ngaya lan bakal endah nalika lumaku sakmadya.

Tidak ada komentar:

 

Permainan Tradisional


Permainan Lainnya »

Kembang Boreh


Kembang Lainnya»

Laesan


Laesan Lagi»
..

Misteri

Dolanan

Tradisi

Gurit

Kembang ~ Mayang

Puisi

Cer ~ Kak

Laesan

Gambar Misteri

Artikel Disarankan Teman