Jumat, 09 Maret 2012

Pinggir Kali Bagan

Penulis Zamroni Allief Billah | Jumat, 09 Maret 2012 | 18.12.00 | Location:Lasem, Indonesia



Kebak rereged, kaya tresnamu
lungiting asmara mung nalikane mabuk candhu
saknyatane keli nututi banyu kali

wadon setengah tuwa ngrakit tembang
mandeng surupe srengenge pinggir kali Bagan
lebur ing gebyure banyu katerak prau

nithir warta sangka manca
wisik angin bengawan ngemu pitakon
sapa kang yekti kelangan

sumilak kali Bagan kapiyak crita, cidra
musna kaya angslupe bagaskara

ngendi janjimu bakal angreronce kembang
kasetyanmu marang Lasem tanah perdikan
lemah sawiji leburing kamanungsan sayekti

musna prasetyamu kagulung ombak segara
mawur ora beda pasir pesisir

kapan bali ngrakit gurit
jejingkrakan ngudang Laesan

Lasem, 24 Februari 2012

Tidak ada komentar:

 

Permainan Tradisional


Permainan Lainnya »

Kembang Boreh


Kembang Lainnya»

Laesan


Laesan Lagi»
..

Misteri

Dolanan

Tradisi

Gurit

Kembang ~ Mayang

Puisi

Cer ~ Kak

Laesan

Gambar Misteri

Artikel Disarankan Teman