Jumat, 03 Februari 2012

Nyugokke Sikil Ana Pawon

Penulis Zamroni Allief Billah | Jumat, 03 Februari 2012 | 10.58.00 | Location:Bitingan, Sale, Indonesia
Nyugokke Sikil Ana Pawon

Wis dadi adat ana Desa Tegaldowo Kecamatan Gunem Kabupaten Rembang lan sakwenehe desa kang ana sakiwa tengene Gunung Butak. Sapa wae sing lagi teka sangka lelungan ora kena tumuju kamar. Sing sepisanan kudu dituju ya kuwi pawon. Senajan pawon lagi ora ana genine nanging sikile karone kudu disugokake ana ngarep lambe pawon.

Mbah Tari, salah sawijine warga Tegaldowo nyritaake yen kaya mengkono kuwi kanggo tulak balak. Mbok manawa ingdalem lelungan utawa sangka sawah tegale ditutake dening makhluk ghaib. Sing tujuwane makhluk mau kanggo ngridhu manungsa.

"Mangkane kudu nyugokake sikile ana pawon. Sikil sing tengen dhisik nembe sikil sing kiwa," ujare.

Apa maneh upama lagi ana bayi. Kuwi ora bisa ora kudu menyang pawon luwih dhisik. Yen ora dikuwatirake ana jin perayangan sing nunut wong mau banjur ngridhu marang ponang jabang bayi. Adat sing kaya mengkono luwi wis turun mak turun sangka simbahe biyen.

nanging miturut Mbah Tari ora ana mantra utawa rapal donga sing mesthi. namung ana jero ati nyenyuwun marang gusti supaya diparingi keslametan sangka sakehing bebaya. Krana ana lurung kang suwung, ana tegalan lan dedalan miturut Mbah Tari akeh godha.

Jalma sing seneng angreridhu kuwi pancen duweni dalan sing maneka warna. Engga dalan apa wae tansah digoleki supaya bisa angreridhu manungsa. Engga wis dadi jamake wong sing nembe teka sangka lelungan kudu tansah ngati-ati lan manut maring ajarane simbah.

Tidak ada komentar:

 

Permainan Tradisional


Permainan Lainnya »

Kembang Boreh


Kembang Lainnya»

Laesan


Laesan Lagi»
..

Misteri

Dolanan

Tradisi

Gurit

Kembang ~ Mayang

Puisi

Cer ~ Kak

Laesan

Gambar Misteri

Artikel Disarankan Teman