Jumat, 03 Februari 2012

Klapa Ngepang

Penulis Zamroni Allief Billah | Jumat, 03 Februari 2012 | 10.27.00 | Location:Kebonharjo, Jatirogo, Indonesia
Klapa Duweni Pang

Lumrahe sing duweni pang kuwi wit jati lan wit-witan gedhe liyane. Nanging ana Pondok Pesantren Nahdlotut Thalibin Al-Islamiyyin (NTI) Al-Barmawy Kebonharjo Kecamatan Jatirogo Kabupaten Tuban Jawa Timur, beda karo klapa lumrahe. Klapa kang cukul ana Pondok Pesantren kang ana pinggir tapel wates Jawa Tengah-Jawa Timur kuwi bisa duweni pang kaya jamake wit jati.

Ora mung sak wit rong wit. Klapa kang cukul sangka klapa kang ngepang kuwi saben-saben uga bisa dadi klapa kang tembe-ne bisa ngepang uga. Akeh kang wis digawa santri uga wong kang pengin duweni. Sak wise tuku bibitan akeh sing kasil bisa cukul lan dadi klapa ngepang.

Pungkasane, Pondok NTI kawentar engga liya pulau kanthi sebutan Pondok Klapa Ngepang. Kaya dituturake Sofi, salah sijine alumni pondok pesantren NTI Al-Barmawy.

"Biyen nate dituku wong sing jarene utusane pamerintah arep digawa menyang Taman Mini Indonesia Indah (TMII). Wektu semono malah dibedhol sak-wite banjur digawa menyang jakarta," ujare.

nanging miturut katerangane Sofi, uga akeh santri kang nandur bibite ora bisa dadi klapa ngepang. Malah cukul dadi kaya klapa lumrahe. Nanging bibit sing ditandur ana pondok pesantren kuwi akeh sing dadi klapa ngepang.

Sing wis gedhe lan uwoh cacahe ana telung wit. Durung kalebu sing isih cilik. Embuh prakara apa kang bisa dadekae klapa kuwi bisa cukul ora kaya lumrahe klapa liyane, ora ana sing mangerteni. Ucape Sofi kaya wahyu kang tumurun kang gawa sasmita. nanging durung bisa kawedhar tumekane saiki. Yen wis dadi kersane gusti pancen ora ana barang kang mokal.

Tidak ada komentar:

 

Permainan Tradisional


Permainan Lainnya »

Kembang Boreh


Kembang Lainnya»

Laesan


Laesan Lagi»
..

Misteri

Dolanan

Tradisi

Gurit

Kembang ~ Mayang

Puisi

Cer ~ Kak

Laesan

Gambar Misteri

Artikel Disarankan Teman