Jumat, 03 Februari 2012

Kesambet

Penulis Zamroni Allief Billah | Jumat, 03 Februari 2012 | 11.23.00 | Location:Bitingan, Sale, Indonesia
Kesambet

Ing jaman sing sangsaya maju iki akeh obat kang sumebar ing donya. Nanging akeh penyakit sing ora tinemu obate.

Ora mung krana penyakit sing durung kinaweruhan jenis lan cara anggone ngobati naging saknyatane uga akeh penyakit sing ora tinemu nalar. Yen pakar kesehatan tansah duweni dalil kanggo nyebut penyakit sing aneh-aneh kuwi. Dipadhakke karo lara utawa penyakit liyane. Nanging sakwise diobati ora waras nanging tetep ora ana owahe. Saya-saya malah tambah nemen anggone ngrasaake larane.

Semono uga anggone masyarakat nambani lelara. Nganggo pirang-pirang cara sing kadhang kalane uga ora tinemu nalar. Kayata nalika salah siji warga lagi kesambet utawa ketemper. Kesambet utawa kerasukan pancen salah sijine fenomena sing ora bisa dijlentrhake kanthi gamblang. Nanging saknyatane kedadiyan sing kaya mengkono kuwi isih akeh lumaku ing jagad bebrayan iki.

Ing Rembang wetan lan sebagian karang padesan ana ing Kabupaten Rembang duweni cara gampang kanggo ngusadani yen ana salah sijine warga sing lagi kedunungan hawa. Yen cedhak karo wing pinter pancen cukup jaluk diusadani. Nanging sing dadi persoalan nalika adoh utawa manggone ana pelosok.

Biyasane bocah utawa wong sing ketemper kuwi mau ditakoni. Sangka ngendi asal-usule lan duweni pamrih apa engga mlebu ana ing wadage menungsa. Pancen jamake jin utawa makhluk ghaib sing nunut ing wadage menungsa kuwi mau langsung jawab lan jaluk pitukon supaya dheweke enggal lunga sangka menungsa kang di rasuki kuwi mau.

Nanging ana kalane ora gelem jawab lan anane mung nggereng kaya macan lan sak pinunggalane. Yen kaya mengkono cara anggone ngobati mung siji. Bocah utawa wong kuwi sing pungkasan dolan ana panggonan wingit ngendi. Yen wis ketemu banjur penganggone bocah utawa wong sing ketemper mau bajur digawa menyang panggonan sing wingit mau. Utawa bisa uga panggonan kang dinyataake yen kuwi panggonane jalma sing mlebu ana menungsa kuwi mau nalika ditakoni.

Sakwise teka ana panggonan wingit sing dituju, banjur penganggo sing digawa mau diseret. Wong loro sing teka ana panggonan wingit mau. Sing siji bagian nyeret penganggone sing ketemper lan sing sijine bagian gawa pecut, nyabeti penganggo kang diseret mau kaya dene nuntun sapi. "Ayo mulih... ayo mulih," ngono pengucape sing nyeret penganggo mau engga tumeka omah. Cara mangkene iki saknyatane ampuh lan bisa marasake wong kang kerasukan makhluk ghaib.

Tidak ada komentar:

 

Permainan Tradisional


Permainan Lainnya »

Kembang Boreh


Kembang Lainnya»

Laesan


Laesan Lagi»
..

Misteri

Dolanan

Tradisi

Gurit

Kembang ~ Mayang

Puisi

Cer ~ Kak

Laesan

Gambar Misteri

Artikel Disarankan Teman