Jumat, 03 Februari 2012

Hobi Nunggang Bis

Penulis Zamroni Allief Billah | Jumat, 03 Februari 2012 | 11.09.00 | Location:Sale, Indonesia
Hobi Nunggang Bis

Hobi kuwi pancen macem-macem. Mulai sing biyasa tumekane hobi sing nyeleneh. Uga akeh sing duweni hobi sing duweni hobi ora mlebu nalar.

Novery Arif Nugroho, Nom-noman asli Desa Sale Kecamatan Sale Kabupaten Rembang iki duweni hobi sing aneh. Senengane nunggang bis. Kadhangkalane teka Jakarta, Jogja lan kutha-kutha liyane. Tujuwane mung siji. pengin ngerti rasane nunggang bis.

"Yen ana bis sing tak incer pengin ngrasaake rasane, yen durung katekan bisa nunggang bis kuwi rasane kaya kelangan pacar," ucape kanthi gemuyu.

Very sing bendinane dadi guru ing salah sawijine Sekolah Dasar ing Sale iki pancen kagolong senenng kluyuran. Nanging hobine numpak bis kuwi ana jalarane. Dheweke crita yen nate duwe pacar anake sopir bis. Nanging pungkasane Very ora bisa bebarengan karo wadon sing banget den tresnani kuwi.

Kanggo ngilangake rasa kangene marang bocah wadon kuwi, Very pilih ngebis mara Jogja Surabaya lan liya-liyane. Krana miturrt Very kanthi nunggang bis lan weruh kahanan ing dalan kang diliwati bis dadekake dheweke bisa nglalekake pacare. Pungkasane nunggang bis dadi hobi.

Saiki very gabung grup Bis Mania Community (BMC). Ing kono dheweke tepung karo wong sak Indonesia sing duweni hobi padha kelawan dheweke.

"Bis Mania Community ing Rembang anggotane durung akeh. Tumeka saiki lagi ana wong pitu sing gabung ana grup iki," ujare.

Dheweke lan kanca-kancane asring kumpul ana stasiun Rembang. Kanggo diskusi lan tukar pengalaman babagan karoseri, mesin lan sapinunggalane sing ana gandheng cenenge kelawan babagan bis.

Tidak ada komentar:

 

Permainan Tradisional


Permainan Lainnya »

Kembang Boreh


Kembang Lainnya»

Laesan


Laesan Lagi»
..

Misteri

Dolanan

Tradisi

Gurit

Kembang ~ Mayang

Puisi

Cer ~ Kak

Laesan

Gambar Misteri

Artikel Disarankan Teman