Jumat, 03 Februari 2012

Gemi, Pitik kaya Manungsa

Penulis Zamroni Allief Billah | Jumat, 03 Februari 2012 | 10.18.00 | Location:Sale, Indonesia
Gemi, Pitik Kang dikubur Kaya Manungsa

AKP Kisworo, Perwira polisi siji iki duweni kelangenan marang pitik. Pitike atusan ana kandang sapinggire omahe. Ana siji pitik sing banget ditresnani ngluwihi pitik liyane. Jenenge Gemi. Umure padha karo putrine sing nomer loro.

"Iki umure pada karo Uki, putraku sing nomer loro," ujare priya kang akrab kasebut pak Ndan. Panjenengane ngasta Gemi sangka Blora songolas tahun kepungkur. Gemi pancen duwe pawakan sing bagus banget. Awake sing gedhe gemoh dadeake pak Ndan bener-bener kesesngsem lan sangsaya tresna marang pitik siji iki.

Sakliyane endoge sing gedhe-gedhe, Gemi duweni ketahanan awak sing apik banget. Arang malah bisa kasebut ora nete lara babar pisan. Uga turunane ora ana sing nguciwani. Duweni mental petarung kanggone sing lanang lan dadi babonan sing apik kanggone sing wadon kaya dene Gemi.

Ngancik umur 19 tahun, dumadakan Gemi kena penyakit. Awake kaku ora bisa obah. Bengi kawit katon ana penyakit kang dumadakan nyerang Gemi, isuke pitik kesayangane pak Ndan wis ora bisa ketulung maneh. Pak Ndan anggone golek tamba supaya Gemi bisa enggal waras maneh, kabeh wis dicoba. Mulai diblabur minyak kayu putih diombeni mawena-werna obat nanging nyatane ora bisa ngalahake purbaning Gusti. Gemi, pitik kinasihe pak Ndan mati ing ngumur songolas tahun.

Banget rucite penggalihe Pak Ndan. Gemi kang wis kaku ora duwe nyawa kuwi dielus-elus lan ditangisi. Kaya-kaya durung bisa nampa kahanan yen Gemi mung cukup semono umure. Sakwuse sareh, Banjur dheweke golek lawon (kain mori sing biyasane kanggo mayit menungsa). Gemi dikemuli kanthi lawon banjur dikubur ana pinggir omah ing Desa Sale Kecamatan Sale Kabupaten Rembang.

Senajan wis dikubur, Gemi isih dadi kembang lambe tangga teparo. Krana akeh sing wis nyataake kaendahane Gemi uga anak turune. Luwih-luwih anggone Pak Ndan ngramut kanthi apik ingdalem mangsa uripe Gemi engga matine.

Tidak ada komentar:

 

Permainan Tradisional


Permainan Lainnya »

Kembang Boreh


Kembang Lainnya»

Laesan


Laesan Lagi»
..

Misteri

Dolanan

Tradisi

Gurit

Kembang ~ Mayang

Puisi

Cer ~ Kak

Laesan

Gambar Misteri

Artikel Disarankan Teman