Jumat, 03 Februari 2012

200-an Kluwarga Kumpul Sapi

Penulis Zamroni Allief Billah | Jumat, 03 Februari 2012 | 10.37.00 | Location:Sale, Indonesia
200-an Kluwarga Desa Bitingan Kumpul Sapi

Sangka 350 Kepala Keluarga (KK) ana Desa Bitingan Kecamatan Sale Kabupaten Rembang, 200-an sing saomah karo sapi. Kastini, Pembantu Pelaksana Keluarga Berencana Desa (PPKBD) Bitingan, nyebutake miturut data kang kacathet setengah tahun iki.

"Ora ketung anggone pamrintah nganaake penyuluhan bab Perilaku Hidup Bersih dan Sehat (PHBS)," ujare.
Nanging saknyatane akeh warga sing tetep kukuh ngandhangake sapine ana omah. Bab iki miturut Kastini ora merga wong Desa Bitingan lora manut karo petugas.

Krana panggonan sing cupet engga mokal lamun gawe kandhang kapisah kelawan omah. Sedheng yen arep gawe kandhang ing tegalan kuwatir digondhol maling. Nate ana kedadiyan kemalingan ana desa Bitingan. Malah sapi sing dicolong kuwi ana jero omah kaya adate wong Bitingan. Prakara kuwi uga sing dadekake wong Bitingan banjur kuweden yen ngandhangake sapi adoh sangka ngomah.

Supardi (47), warga kono bantah yen dheweke ora manut marah anjuran pamerintah. Nanging warga Bitiangan iki ora bisa ngandhangake sapi lan rumangkange ana jaba omah amarga benr-bener ora duweni lurung.

"Tanah wae mung sakceblokan omah. Lha kapriye anggonku ngatur yen kudu duwe kandhang ana jaba?. Upama arep taktinggal ana tegal, mengko yen ilang banjur sapa sing gelem tanggung jawab, " ujare.

Warga desa Bitingan, jare Pardi, ora bisa ayem nalika sapi lan kewan iki ditinggal adoh sangka omah. Kejaba kuwatir kemalingan, mengko yen upamane sapi kesrimpet ora bisa ngerti. Sedheng wong desa nganggep sapi wis dai bagian uripe. Traktor ora bisa dadi gentine sapi. Amarga sawah lan tegalan sing ana ereng-erenge gunung Buthak iki pancen cilik-cilik. Mung sapi lan pacul sing bisa mrantasi gawe.

Ahmad Ali Suwindy, pakar kesehatan lan ahli pijet alternatif ngandhaake yen prakara kuwi bisa disiyasati. Dhewekne nuturake yen biyen nate nganaake penelitian lan penyuluhan ana kampung samin Blora.
"Ing kana kahanane padha, sapi manggon ana ruang tamu," ucape.
Nanging kabeh mau ing pungkasane kanthi cara  sing apik bisa kaleksanan misah sapi sangka omah. Wong kampung samin sing mulane manggonake sapi ana ruwang tamu kanthi suka rena gelem misahake sapine.

Ora bisa wong sing wis duwe adat saomah karo kewan kuwi dipisah adoh. Nanging sangka pengalamane Ali, sapi cukup digawekke ana kiwa utawa tengene omah. Prayogane sapi ora manggon ana ruang tamu utawa najan ing mburi omah nanging sagothak karo pawon.

Krana ing tembene, sangka penelitian sing dilakoni Ali nuduhake yen wong saomah karo kewan kuwi aora isa seger. Yen wis ngancik umur 50 biyasane nglayung lan pakulitane ora kaya wong kang seger kuwarasan.

Pengalaman sangka penelitiane Ali, miturut Ali bisa diterapake ana desa Bitingan. Ora bisa nyegah wong saomah karo kewan nanging bisane diarahake kanggo nyegah bebaya kang bakal tumeka.

Tidak ada komentar:

 

Permainan Tradisional


Permainan Lainnya »

Kembang Boreh


Kembang Lainnya»

Laesan


Laesan Lagi»
..

Misteri

Dolanan

Tradisi

Gurit

Kembang ~ Mayang

Puisi

Cer ~ Kak

Laesan

Gambar Misteri

Artikel Disarankan Teman