Selasa, 31 Januari 2012

Omah Kobongan, Ora Melu Kobong

Penulis Zamroni Allief Billah | Selasa, 31 Januari 2012 | 22.51.00 | Location:Bitingan, Sale, Indonesia
Omah Kobongan, Korban Sikile Wutuh


Iki kedadiyan sing ora bisa dinalar.  Mary Reeser kang lair ing tahun 1881 gawe geger donya nalika omahe ing Florida kobongan. Omah lan kabeh perabote entek dening kobongan gedhe sing nglalap omahe tahun 1951. Nanging sing ora mlebu nalar kabeh awake entek kejaba sikile kang ijih wutuh lan katon mulus.

Ora ana sisa yen sikile kuwi mau kena geni. Uga kamare kang kudune melu entek krana gedhene geni nanging nyatane wutuh. Padahal sangka karterangan sangka FBI sing nggoleki sisik melik sejatine kobongan kuwi, geni panase kaya dene geni nalika mayat dikremasi (dibakar).

Nanging geni mung ngobong awake Reseer. Kamar lan sikile selamet wutuh kaya ora ana kedadiyan apa-apa. Sangka penyelidikan FBI, uga ahli forensik sangka kapolisen kana ora ditemokake bukti sing ora wajar.
Engga saiki matine Reseer tetep dadi misteri.

Tidak ada komentar:

 

Permainan Tradisional


Permainan Lainnya »

Kembang Boreh


Kembang Lainnya»

Laesan


Laesan Lagi»
..

Misteri

Dolanan

Tradisi

Gurit

Kembang ~ Mayang

Puisi

Cer ~ Kak

Laesan

Gambar Misteri

Artikel Disarankan Teman