Selasa, 31 Januari 2012

Kobong Ana Dhuwur Wit Klapa

Penulis Zamroni Allief Billah | Selasa, 31 Januari 2012 | 22.52.00 | Location:Bitingan, Sale, Indonesia

Sapa sing nyana yen bada kupat mangsa iki bakal dadi crita kang kalebu ngayawara. Istoro (33) ing dina Rebo 23/11 lunga menyang tegal karo kang mas ipene. Toro, bocah asli Tengger iki karep jupuk blarak lan janur kanggo gawe kupat lan lepet. Kupat lan lepet kanggo bada ngalungi.

Nanging apes, baareng Toro menek klapa jebul wis dadi panggonane tawon endhas. Arep mudhun ora wani merga wis kakupeng dening tawon kang ana wit klapa kuwi, Toro nyuwun kang mase supaya ngobong tapas klapa.

Karepe supaya tawon kang manggon ana klapa kuwi ora ganggu dhewekne. Ooowalah pancen apes temenan klapa sing ora nate dipenek wong kuwi malah dadi api unggun sing manggang dhewekne. Toro wis kelangan akal pikire yen klapa kuwi bisa dadi neraka nalika diobong.

Semono uga kang mase ya wis ora bisa mikir maneh. Nalika reged sangka klapa kang padha garing kuwi diobong ora mung ngusir tawon nanging uga bisa ngusir nyawane adhike.

Selamet tangga teparo padha prigel banjur nulungi Toro kang wis lemes ana dhuwur wit klapa. Sak wise digendhong sangka klapa kang dhuwure 10 meter kuwi Toro banjur diplayokake menyang Rumah Sakit Dr Sutrasno Rembang.

Tidak ada komentar:

 

Permainan Tradisional


Permainan Lainnya »

Kembang Boreh


Kembang Lainnya»

Laesan


Laesan Lagi»
..

Misteri

Dolanan

Tradisi

Gurit

Kembang ~ Mayang

Puisi

Cer ~ Kak

Laesan

Gambar Misteri

Artikel Disarankan Teman