Rabu, 02 Maret 2011

Bocah Bajang

Penulis Zamroni Allief Billah | Rabu, 02 Maret 2011 | 08.03.00 |
Gentha sing padatane gumantung
sakdurunge gulu sapi
padha pedhot kaprunggel mangsa

kandhangkandhang suwung
tanpa sapi kaya wingi
nalika ijih akeh araara
pangonan lan lemah bera

alas lan gunung amblas
ninggalake crita
bocah angon padha gandring
rebut kuwasa dadi raja
patih, senapati engga prajurit

kesel dolanan kayu
banjur ngombe banyu kali
nganggo gelas godhong jati

banjur mulih gegendhongan
sum sum kutu pinggir lurung
sakdurunge purnama kalarung

kalindhih mangsa
ninggal crita

03 Maret 2011

Tidak ada komentar:

 

Permainan Tradisional


Permainan Lainnya »

Kembang Boreh


Kembang Lainnya»

Laesan


Laesan Lagi»
..

Misteri

Dolanan

Tradisi

Gurit

Kembang ~ Mayang

Puisi

Cer ~ Kak

Laesan

Gambar Misteri

Artikel Disarankan Teman