Jumat, 10 Desember 2010

Sekar Kirani

Penulis Zamroni Allief Billah | Jumat, 10 Desember 2010 | 15.05.00 |
Miyak pepeteng
satengahing alas gedhe
ora ana jalma kejaba
aku lan sliramu

mega ing akasa nutup srengenge
lan padhange rina
sapecak lumaku sapecak kandheg
ngulati dedalan kang kebak gegrayotan

senajan tansah nastiti
nanging rerupa godha
sesandhungan lan sato kewan
pepalanging laku golek dalan
tumuju padhang hawa

takkanthi tanganmu
kang wis apal mangerteni
sakehing jurang lan dalan sumingkir
tumuju pepadhang sayekti

Rembang, 10 Desember 2010

Tidak ada komentar:

 

Permainan Tradisional


Permainan Lainnya »

Kembang Boreh


Kembang Lainnya»

Laesan


Laesan Lagi»
..

Misteri

Dolanan

Tradisi

Gurit

Kembang ~ Mayang

Puisi

Cer ~ Kak

Laesan

Gambar Misteri

Artikel Disarankan Teman