Sabtu, 09 Oktober 2010

SEDULUR SIKEP

Penulis Zamroni Allief Billah | Sabtu, 09 Oktober 2010 | 05.51.00 |
Kang Gunretno priya prasaja
ing tlatah Pati sawiji wengi
mbabar kawigaten

sinambut rasa suka
sesalaman nguda rasa
lair tumusing batin
sangka kancakanca samin

kajujuran kaprawiran
kang ora cukul sangka bangku sekolahan
sedulur sikep bisa dadi patuladhan

ora sekolah nanging pinter maca
sakabehing buku saha kahanan
uga nulis kang titis ora lamis
itung petung ngetung
kahanan negara kang saya suwung
kebak ing pemimpin kang kumalungkung

wola wali
wali
mring ati sawiji

Pati, 09 Oktober 2010
daleme kang Gun

Tidak ada komentar:

 

Permainan Tradisional


Permainan Lainnya »

Kembang Boreh


Kembang Lainnya»

Laesan


Laesan Lagi»
..

Misteri

Dolanan

Tradisi

Gurit

Kembang ~ Mayang

Puisi

Cer ~ Kak

Laesan

Gambar Misteri

Artikel Disarankan Teman