Jumat, 01 Oktober 2010

SANDIWARA

Penulis Zamroni Allief Billah | Jumat, 01 Oktober 2010 | 22.24.00 |
lakone damar wulan dadi raja
brangus angkarane menak jingga
rahayu nir ing sambekala

sorake para pamirsa
gawe regenge swasana
damar wulan mukti praja

dhuh gusti jebul mung sandiwara
kamenangane pangentha
karaharjane apa jare

keplok ora tombok
pahlawan pesenan
bajingan pasangan

bubar pacelathon
rerangkulan golek wayuhan
seneng ati andum bathi

hukum lan keadilane diselehake
krana sandiwara wis dibuyarake
sing ndelok mung alok

nglalekake sakabihane
engga tumeka titi mangsa
sandiwara ginelar songar

01110

Tidak ada komentar:

 

Permainan Tradisional


Permainan Lainnya »

Kembang Boreh


Kembang Lainnya»

Laesan


Laesan Lagi»
..

Misteri

Dolanan

Tradisi

Gurit

Kembang ~ Mayang

Puisi

Cer ~ Kak

Laesan

Gambar Misteri

Artikel Disarankan Teman