Jumat, 01 Oktober 2010

DHEMIT PENGGURIT

Penulis Zamroni Allief Billah | Jumat, 01 Oktober 2010 | 08.57.00 |
Ngedap edapi anggone nggereng
wulu lan rambut ginelung
sarwa ireng

surya katutup mega mangsa candhikala
teja abang sumilak kaya kaya
ngranggeh mangsa karep kandha

maring sira penggurit sawiji
ora maedahi lamun koktutupi
kang nggegirisi kelawan jubah suci

becik lumaku kang prasaja
yekti tinemu kang koksedya
ora mung manise samudana

ireng cinipta
krana putih kareben terwela
ing maneka warna rerupa

kabeh wis ginurit
ing gegodhongan kang linempit
katutup cahya sengara
ing jagat lelana

011110

Tidak ada komentar:

 

Permainan Tradisional


Permainan Lainnya »

Kembang Boreh


Kembang Lainnya»

Laesan


Laesan Lagi»
..

Misteri

Dolanan

Tradisi

Gurit

Kembang ~ Mayang

Puisi

Cer ~ Kak

Laesan

Gambar Misteri

Artikel Disarankan Teman