Minggu, 19 September 2010

Maisi Maru

Penulis Zamroni Allief Billah | Minggu, 19 September 2010 | 20.52.00 |
Zamroni Allief Billah

Maisi Maru

Ing candra kaping pitu tinemu
sawuse crita lumaku lan cidramu
ninggalake rasa tanpa warta

alun alun Tuban dadi kenangan
uga kekesing angin ing kisik segara
kayakaya lagi wae wingi tumiba

sepuluh tahun wus lumaku
guwa maharani dadi seksi
rikala rasa lan ati nyawiji
nadyan tanpa ucap kumecap

uga nalika dakrengkuh sliramu
keket ana dhadhaku
sapinggire segara mangsa candhikala

ana pitakon kang lagi wingi
dadi jawab sangka esemmu rikala samana
ing keket rinengkuh sahitya
daktakokke apa kang mbokrasa

nanging dhuh maisi katresnaning ati
sakwuse sepuluh tahun cidramu
ana wadon besaja anggawa tamba
sengara nadyan sliramu kandha yen tresna

Rembang – Tuban 19 September 2010
maisi maru dudu aishiteru

Tidak ada komentar:

 

Permainan Tradisional


Permainan Lainnya »

Kembang Boreh


Kembang Lainnya»

Laesan


Laesan Lagi»
..

Misteri

Dolanan

Tradisi

Gurit

Kembang ~ Mayang

Puisi

Cer ~ Kak

Laesan

Gambar Misteri

Artikel Disarankan Teman