Jumat, 24 September 2010

JER BASUKI MAWA BATHOK

Penulis Zamroni Allief Billah | Jumat, 24 September 2010 | 16.06.00 |
Zamroni Allief Billah

JER BASUKI MAWA BATHOK

nganggo jas lan ana dhasi kang nggantung ana klambine. sinawang pantes sangka pasuryane yen dheweke wong kang nduweni power sing cukup gedhe. ya pantes dadi penggedhe utawa panguwasa katon sorot mripate sing nandhes ya redhup ngedhemake ati sangsaya aku gawe anteng jejagongan marang wong lanang kang lagi wae dakkenal iki nadyan nyatane ya mung aktivis fesbuk.

"kuwi fotomu ta kang" pitakonku ngawiti rembugan ben tambah katon raket. ora njawab nanging manthuk manthuk lan mesam mesem ora semaut.
"lha kuwi gegandhengan karo para Kyai..?" lanjutku nakonake fotone kang Kesuma Narendra kang sajak katon sangsaya gagah jejer karo para Kyai sepuh.
"hallah biasa mas" dheweke ora pati greget jawab pitakonku. banjur jupuk rokok kretek kang ana ngarepe disumet banjur disedhot jeru banget, katon dinikmati temenanan anggone nyedhot mbako kuwi. beluk rokok kemebul ana kamar panggonku jejagongan. kayakaya kebak ing kemebule rokok kang sahut semaut ora leren ing antarane aku lan kang Kesuma.

ora suwe bojone kang Kesuma mara kamar khsusus sing biasane dienggo kang Kesuma nggarap gaweyan, ana komputer ing pojok kamar sajadah kang katone biasae dienggo dhweke sila wanci mbengi utawa ming dienggo sholat.
"mangga kohwahipun... " jilbab khas sing ireng tur amba nutupi dhadha kang dienggo bojone kang Kesuma ngelingake aku marang wong kang biasa demo ana tv.

"inggih matur suwun bu" jawabku sakdurunge wadon kuwi lunga ninggalake aku lan kang Kesuma jejagongan ana kamar. banjur kang Kesuma nyeritaake lelakone engga tumekane gambare dheweke kan kapacak ana tembok kamar gegandhengan karo para Kyai.
"dadi jaman akhir kaya ngene iki akeh wong kang ora kena dipercaya, wong lanang ilang perbawane, wong wadong ilang wirange" kang Kesuma katon mulai semangat mbabarake lelakone uripe. lan kang ana tembok kuwi ngepasi kang Kesuma nyalon anggota legislatif sing wingi nembe kelakon.

"akeh kang mung memanis ing lambe nanging ya mung golek bathi lan enake awake dhewe, biyen ya akeh kanca lan sedulur kang katone ya temenanan anggone nyengkuyung nanging pungkasane ya mung ngalap amplop. malah malah ya ana kang tega nyingitake dhuwit sing kudune dibagi marang para pendukung" banjur kang Kesuma nyedhot maneh rokoke. katon pasuryane rada kuciwa ngelingi lelakon kang wus kapungkur.
"lha jenengan kok ora ngglundhung wae kang" pitakonku asal muni.
"hwahahahahaha..." dheweke mung gemuyu dadekke aku bingung ora ngerti
"jaman sak iki ora ana jeneng glundung mas.." jawabe, lan banjur nyritaake kancane sing engga sak iki isih ana RSJ marga entek meh sak milyar nanging ora dadi ya amarga diembat dhewe karo anak buahe.

jaman sak iki miturut kang Kesuma kabeh kuwi nganggo dhuwit, nadyan dheweke ya ora sarujuk yen nganti ambur amburan dhuwit amarga ambisi pengin dadi. nanging ya kudu ngetokake dhuwit paling ora kanggo ijole bensin.

pancen angel nandur kapitayan marang menungsa ingdalem jaman akhir iki sing werdine yen wakil rakyat kuwi mengko yen dadi mesthi bakal merjuangake nasib rakyat. amarga sanyatane sing wis kelakon ya kaya ngono kuwi. ora mung lali marang amanah kanggo merjuangake dulure ya kuwi para rakyat nanging malah kapara ngentekake dhuwit rakyat kanggo senenge atine dhewe. dadi ya lumrah yen akhire ora ana kapitayan maneh ing antarane rakyat marang pemimpine.

yen pingin ngrubah kudune ya diwiwiti kanthi sak benere. pemimpine kudu amanah lan nuduhake yen dheweke patut dadi tuladha lan matut dadi pengayom rakyat kang wus mercaya dheweke kanggo mimpin lan ngatur kawaluyane. yen bisa kaya mangkono rakyat mesthine ya bakal percaya maneh marang pemimpine engga ora perlu ambur amburan dhuwit kang ora migunani, engga yen wis dadi ora ndadak kakehan olehe korupsi.

"mula ya lumrah yen olehe dadi ngentekake dhuwit kang ora lumrah akehe, mangka sak wuse dadi ya padha golek ijol mbuh kuwi dhuwit rakyat utawa apa ora perduli. pokoke jaman sak iki JER BASUKI MAWA BATHOK" banjur dheweke ngakak.

Tidak ada komentar:

 

Permainan Tradisional


Permainan Lainnya »

Kembang Boreh


Kembang Lainnya»

Laesan


Laesan Lagi»
..

Misteri

Dolanan

Tradisi

Gurit

Kembang ~ Mayang

Puisi

Cer ~ Kak

Laesan

Gambar Misteri

Artikel Disarankan Teman