Sabtu, 18 September 2010

Gambuh: Sanggar Seni Kang Kebak Memedi

Penulis Zamroni Allief Billah | Sabtu, 18 September 2010 | 12.32.00 |
Zamroni Allief Billah

Gambuh: Sanggar Seni Kang Kebak Memedi

Bangunan kuna kang ana sangisore wit kang umur atusan tahun ing TPK (Tempat Penimbunan Kayu) Sale, sangsaya gawe katon angkere studio GMB FM. Akeh kedadiyan kang dialami para penyiar radio suara Gambuh (GMB).

Studio Radio FM lan sanggar seni kang ana Jl. Stasiun Gg. Gentong Mas desa Sale kecamatan Sale kabupaten Rembang Jawa Tengah kang di pandhegani Ki Gambuh Rohmat Basedo iki pancen kebak ing crita kang gawe wulu padha ngadeg saha miris sajroning ati.

“pas bengi bubar siaran ngepasi malem jum’at aku siaran jam pungkasan” Anang salah sawijine penyiar buka crita. Jam sewelas wengi off air, nanging amarga atine Anang rada sumpek bubar diputus pacare, dhewekne ora langsung bali mulih nanging nyetel lagu – lagu kelangenane sinambi leleyehan ana sajroning kamar siar.

Manggut manggut ngresepi lagu melankolis kang dipilih ditepakke marang kahanan atine sing kemrungsung ora karuan ngelingi katresnane kang dumadakan lumayu ana luar negri ninggalake dheweke tanpa pamitan. Malah miturut kabar lungane gendhakane kuwi ngetutke priya liya kang dadi calon bojone.

Lagi sawatara Anang nyetel lagu kelangenane dumadakan dikagetake tekane ganda arum kang ngambar, wangi banget kayane ganda mlathi engga wulune padha ngadeg lan atine miris. Pikirane wis bayangke tumekane bangsa ghaib sing arep ganggu dheweke.

Lagi wae Anang ayem ayem atine yen kuwi mung ganda minyak wangi duwene salah siji penyiar sing mbok menawa kari ana studio, dumadakan lawang kamar siar di gedhor saka jaba, Anang ora wani langsung buka lawang dheweke isih wedi marang wewayangan kang tumeka ing alam pikirane. Banjur dheweke nginceng saka bolongan kunci, atine adhem krana ing jaba kamar jebul Ki Gambuh kang katon gawa buntelan kaya panganan.

Lawang dibuka ki Gambuh wus ora ana kono nanging buntelan kang kaya panganan mau ditinggal ngarep lawang. Bareng dibuka jebul isine tempe goreng lan maneka gorengan saha kopi kang isih kumebul. Banjur gorengan digawa mlebu kamar lan dheweke neruske ngrungokke lagu kelangenane sinambi nyruput kopi.

Kira kira sepuluh menit anggone Anang nyruput kopi lan ngrasakke angete gorengan, ana pawongan kang ndhodhog lawang, banjur dibuka karo penyiar sing lagi nandang lara lapa kuwi. Jebul Ki Gambuh kang sakojur awake teles kebes, tanpa ba bi bu banjur Ki Gambuh nyruput kopi lan nyandhak gorengan kang ana meja siar.

“tuku saka ngendi iki ?” Ki Gambuh takon marang Anang, kang dadekke bocah nom – noman kuwi mendelik merga keselek tempe goreng kang ana gorokane.
“lha iki mau sampeyan sing ngeterke mrene je…? Kok malah takon” bareng krungu wangsulane Anang, banjur Ki Gambuh manggut manggut karo mesem lan ora ngomong maneh.

Sasasi lumaku Ki Gambuh ing wayah jejagongan karo para penyiar kang wus dadi kebiasaan sak-wulan pisan ngumpul – ngumpul, nembe bos radio iki crita yen sing ngeteri kopi lan gorengan ing wengi sawulan kapungkur dudu dhewekne. “bengi kae aku malah lagi wae teka desa liya amarga nandangi dulur kang lagi kena lelara, krana ana desa kana udan mangkane aku teles kebes” ngono tuture Ki gambuh kang kadhang kalane disuwuni tulung wong kang nandang lelara. krungu ceritane Ki Gambuh, Anang njomblak kaget.

Banjur penyiar liyane uga padha nyeritaake mekenani pengalaman ketemu kelawan bangsa ghaib ana studio kono, sing maneka warna ceritane. Ki Kesuma Narendra kang wektu jejagongan uga ana panggonan kono amarga dheweke uga penyiar ana GMB FM banjur dhawuh “kabeh iki nuduhke yen yektine liyane alam kang kasat mata iki uga ana alam liya kaya kang didhawuhke ingdalem kitab suci. Dadi anane kedadiyan iki kudune sangsaya nambahi kaimanan kang ana dhadha, bangsa jin lan bangsa ghaib liyane ora kudu diwedeni asal kita ora duweni niyat ganggu mangka dheweke ya ora bakal neka neka”

Lan ditambahi dening Ki Gambuh yen Jin kang ana stusio kono pancen dudu jenis jin sing asring ganggu, nanging jin kang seneng urip rukun bebarengan karo manungsa.

Tidak ada komentar:

 

Permainan Tradisional


Permainan Lainnya »

Kembang Boreh


Kembang Lainnya»

Laesan


Laesan Lagi»
..

Misteri

Dolanan

Tradisi

Gurit

Kembang ~ Mayang

Puisi

Cer ~ Kak

Laesan

Gambar Misteri

Artikel Disarankan Teman