Zamroni Allief Billah
Jebul Mung Samudana
Tumetesing bun kang tumurun
ing gegodhongan lan kang kagawa kekesing angin
nalika sliramu keket rinengkuh ana dhadhaku
uga tangismu kang mecah rasaku wengi kuwi
engga mlathi kang dakronce ing dhadhaku
tuwuh sangka esemmu
siji mboko siji gugur lebur
kagawa iline banjir sangka rasa
kang nelangsa kapisah purba
ora kuwawa nggondheli rasa tresna
saha endahing kahyuna
: ora bisa
nanging wengi iki
sumilak teja ing angkasa
bebarengan kumeliping kartika
kabeh padha paring warta
ora mung tandha
jebul manis pangucapmu
lamis nadyan ora beda madu
yen wangi kuwi tuwuh sangka ati
musna ana ngendi arum ganda mlathi
kang dakronce saben rina lan wengi
pangorbanan dudu wewayangan
kang kaya – kaya
lan reka – reka
Rembang, 17 September 2010
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar