Senin, 06 September 2010

LAILATUL PARCELL 2

Penulis Zamroni Allief Billah | Senin, 06 September 2010 | 22.00.00 |
zamroni Allief Billah
LAILATUL PARCELL (2)

Pak dhe nggebras ae lunga menyang omahe Putu, merga ya rada kesusu bareng ditakoni Ahmad ya rada cekak wangsulane “arep nyang omahe Putu Mad..”. tumekane omahe Putu, ana kono Putu wis jejagongan karo Rendra kanca rakete.

“mangga pak dhe pinarak” Putu lan Rendra ngadek bareng ngerti teka adohan ana pak dhe Jayus banjur nyumanggaake pinarak. “ora Tu.. matur suwun aku iki rada kesusu arep neruske laku, mung nyampekake yen engko bengi kowe karo sisan kuwi kancamu Rendra dijaluk teka ana omahe pak Lurah”.

“lha kinten kinten wonten wigatos punapa pak dhe..” pitakone bocah loro kuwi meh wae bebarengan. “ora ngerti aku aku Ndra, tapi mbok menawa wae yo kabar becik. Ora usah diangen angen sing penting teka wae lak wis…” sak wuse jawab ngono banjur pak dhe lunga njaluk pamit marang bocah loro kuwi. “matur suwun pak dhe…” bebarengan maneh bocah loro anggone matur nuwun menyang pak dhe Jayus. “ya….” Jawabe pak dhe karo mungkur nerusake laku.

“wah apa ya kira kira kok awak dhewe di timbali pak lurah..” pitakone Putu menyang Rendra. “lha embuh padha ora ngertine kok ditakoni tapi……” jawabe Rendra ora diterusake. “tapi apa Ren….” sangsaya penasaran Putu pengin ngerti apa kang diangen angen Rendra

“menawa wae kowe arep di pek mantu pak lurah….” jawabe Rendra kanthi guyon banjur njekakak. “semprullll….” Putu misuh banjur melu njekakak. Ora let suwe simboke Putu sing adus ana kali katon kabotan gawa kumbahan sing sak kranjang akehe. Banjur ditututi Rendra di jaluk di pangkul ana pundhake.

Sak wuse kumbahan di pentheri banjur simboke melu jagong sedhela karo bocah loro kuwi. “mbah wau tiyang tiyang padha mriki merga kaget kalih Putu sing mbengok sak bantere” Rendra ngawiti cerita. “kowe kuwi ana apa maneh ta Tu… isuk isuk kok wis gawe kagete tangga teparo wae” simboke takon menyang Putu. “hehehe misuh mbok” jawabe Putu karo cengengesan. “oalah Tu… Putu, wong pasa pasa kok misuh” jawabane simboke cekak rada ngenyek karo Putu

“lha terus nek ora wulan pasa apa ya entuk misuh ta Mbok…? Misuh kuwi ya misuh tetep wae ora ilok, ngono wingi jare pak dhe..”
“lha gene ya kowe ngerti ngono… pasa kuwi nglatih kesabaranmu, lha yen ingdalem latihan wae kaya ngene apa maneh yen pas ora latihan lak malah saya sak karepmu…? Lan maneh, ya mesakke tangga teparo sig padha kaget lan bingung, uga kuwatir marang kowe. Ya wis angen angen dhewe simbok tak neruske gawean ana pawon” simboke banjur mungkur neruske gawe jajan kanggo nyepaki tamu mengko nek pas riyaya.

Isih padha gegojegan bocah loro ana ngarep omah. Pancen yen wis kadhung jagongan ngono kuwi nganti ora weruh wektu, wis kadhung cocok, soulmate jarene. Bengi bubar salat traweh banjur Putu ganti klambi lan ngenteni Rendra ana emper omahe. Ora suwe Rendra teka banjur bebarengan sowan menyang omahe pak lurah.

Ana daleme pak Lurah wus ngenteni pak dhe lan wong sepuh sepuh liyane klebu Ahmad sing lungguh anaa pojok dhewe. “assalamu alaikum..” sak wuse uluk salam bocah loro kuwi banjur nyalami wong wong kang ana kono.

“padha oleh sms sing isine yeng mengko bengi iki lailatul qodar…?” pak Lurah sing suwarane rada serak mbuh kakehan olehe tadarus apa kakehan ngombe es, ngawiti omongan. “nggih pak..” gambayak kaya tentara ditakoni komandhane wangsulane wong wong kompak.
“lha terus kepriye carane ben awak dhewe iki ya melu entuk berkahe lailatul qodar…?” setengah nyangkrimi pak Lurah takon.

Ahmad sing ana pojok dhewe ngacung “nyuwun sewu pak badhe matur..”
“iya gek ndang muni, piye Mad” pak Lurah mangsuli.
“menawi pemanggih kawula cocok kalih hadits ingkang dipun riwayataken Imam Muslim:

قَالَتْ عَائِشَةُ رَضِيَ اللَّهُ عَنْهَا كَانَ رَسُولُ اللَّهِ صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ يَجْتَهِدُ فِي الْعَشْرِ الْأَوَاخِرِ مَا لَا يَجْتَهِدُ فِي غَيْرِهِ ( مسلم )
Ingkang artosipun: Sayyidatina Aisyah dhawuh bilih kanjeng nabi Muhammad nemen nemeni anggenipun ngibadah ingdalem sepuluh dina ingkang akhir, ingkang penjenengane kanjeng Nabi boten nglampahi kados ing dinten sanese ” Ahmad ngetokke dalile.

“terus mungguhmu piye lan apa kang kudu dilakoni ?” pak Lurah banjur takon marang Ahmad. “punapa malih wonten sms ingkang werdinipun bilih mangke dalu, malaem lailatul qodar kedahipun nggih ngathah ngathaken anggenipun ngibadah, kados ta maos qur’an, dzikir memuji dhateng gusti Allah lan sapinunggalanipun pak” wangsulane Ahmad rada dawa jelasake

“lha nek tadarus lan traweh wae ora tahu kaya kowe ngono iku piye Mad…? hehehe” Putu numpuki omongan rada ngece marang Ahmad sing seneng nggedhekke dalile nanging ora tahu gelem ngelakoni.

“wis wis… aja padha tukaran” pak dhe nengahi omongan. “becike ngene wae… sms kuwi bener lan orane awak dhewe ya ora ngerti tur ora pasti….” durung di teruske, mbah Pandli sing rada nylekuthis medhot omongane pak dhe.. “lha sing pasti piye kang…?”

“sing mesthi tur jelas kuwi ya bendinane, kita ora usah bedaake ngendi dina sing utama, ngendi wektu sing kebak fadlilah, angger ingdalem anggonmu ambekan narik nafas buang nafas tansah mbok barengi kanthi tansah eling marang pengeran kuwi sing paling utama. Tapi ngono kuwi ya ora gampang kaya olehku ngucap. Lha wong ingdalem salat wae awak dhewe iki akeh laline marang gusti Allah apa maneh rikala dolanan utawa gegojegan…” pak dhe unjal ambekan. Pancen wong siji iki nyala wadi.

Ora akeh sing ngerti yen sejatine pak dhe sing rada meneng iki asline nate mondok ana K. Maimun Zubeir Sarang Rembang lan nate sedhela ana Al- Azhar Kairo Mesir. Nanging wektu kuwi simboke pak dhe kapundhut banjur mulih terus ora bali maneh, malah milih dadi musafir malku wali sanga suwene telung tahun.

“lha caranipun kados pundi pak dhe…” bareng wong wong padha meneng kabeh Rendra takon marang pak dhe. “carane ya kudu latihan sing temenanan, uga kudu golek guru sing isa nuntun ingdalem lahir batine, kudu wani tirakat ingdalem rinane ya betah melek ingdalem wengine…”

Wong kang ana daleme pak Lurah padha manggut manggut embuh apa sing ana ing pikirane wong wong kuwi. Bareng wektu wis rada bengi, pak Lurah banjur dhawuh marang wong wong kang padha diundang kuwi mau. “estunipun kula ngrawuhake jenengan kabeh wonten omah niki badhe matur suwun bilih riyin nggih jenengan jenengan niki ingkang nyengkuyung kula ngantos saget dados Lurah wonten ing desa mriki, engga sak mangke kula dados Lurah nggih panjenengan panjenengan niki ingkang tansah merhatosake saha paring pitedah murih saenipun desa kita.

Saha kula minangkani keluarga kula, nyuwun pangapunten ingkang kathah, sangking sedaya lepat ingkang kula sengaja punapa dene boten” sak wuse pak Lurah pidhato banjur wong wong padha disalami lan digawani sakerdhus gedhe. Embuh isine apa tapi abote ana yen limang kilo.

Katon pasuryane wong wong padha sumringah seneng oleh badan teka pak lurah. Pak dhe Jayus kang mlaku bali ana sandhinge Putu lan Rendra karo gemuyu mbisiki “jenenge iki LAILATUL PARCELL” banjur wong telu kuwi jekakak gemuyu lan bali menyang omahe dhewe dhewe.

1 komentar:

Sukadi mengatakan...

lailatul parcell nggih? nek niku mboten usah nunggu wulan puasa Pak... :)
maturnuwun...

 

Permainan Tradisional


Permainan Lainnya »

Kembang Boreh


Kembang Lainnya»

Laesan


Laesan Lagi»
..

Misteri

Dolanan

Tradisi

Gurit

Kembang ~ Mayang

Puisi

Cer ~ Kak

Laesan

Gambar Misteri

Artikel Disarankan Teman