Selasa, 07 September 2010

KAGODHA GUMELARING TEJA

Penulis Zamroni Allief Billah | Selasa, 07 September 2010 | 14.52.00 |
zamroni allief billah

KAGODHA GUMELARING TEJA


mecaki dalan dalan kang dawa ngalela
ngulandara ana kaca kaca purba
ing dalan iki rasaku uga rasamu
kagawa lumayune rodha

ana rasa kangen kang nyirep mata
kinanthi gemulunging samudra
kang dumadakan tuwuh ana dhadha

nanging kang dak kanthi iki
dudu sliramu kang dak tresnani
yekti wadon liya kang kinuswa
ombak segara saha pangelusing samirana



wus ginurit sajroning buku kang cinidra
nututi playune samirana karana
pangangenmu kang ngulandara

mupus kekesing mega mega
kagodha gumelaring teja teja
ing akasa

Tuban, 07 September 2010
melati, dudu seliramu

Tidak ada komentar:

 

Permainan Tradisional


Permainan Lainnya »

Kembang Boreh


Kembang Lainnya»

Laesan


Laesan Lagi»
..

Misteri

Dolanan

Tradisi

Gurit

Kembang ~ Mayang

Puisi

Cer ~ Kak

Laesan

Gambar Misteri

Artikel Disarankan Teman