Senin, 06 September 2010

LAILATUL PARCELL (1)

Penulis Zamroni Allief Billah | Senin, 06 September 2010 | 15.10.00 |
LAILATUL PARCELL (1)

Thit thithit thit thiit….. hp kuna duwene Putu isuk isuk dumadakan muni pratandha yen ana sms kang mlebu. Hp kang gumlethak jejer slepa sing biasane dienggo nambani kecut lambene Putu yen lagi pingin ngudud kuwi banjur dijupuk.

Bareng dibuka, Putu katon mripate mendelik kaget karo isine sms kang teka. “nanti malam tanggal 27 Romadlon adalah malam lailatul qodar, harap sebarka sms ini keseluruh kawan kawan dan dipersiapkan lahir dan bathin menyambut malam agung tersebut” kaya mangkono unine sms kang teka.

Di pitek salarik angka kanggo ndeleng pulsane isih cukup apa ora upama dienggo forward sms kang teka kuwi. Kaget maneh amarga pulsane sing wingi ijih sewu rupiah dieman arep dienggo sms Melati pacare singa ana luar negeri mengko nek malem riyaya ngucapke MOHON MAAF LAHIR BATHIN dumadakan tinulis ing kono “sisa pulsa Rp. 25 akhir periode habis akhir masa tenggang…….” Ora dibacutake anggone maca krana ya ora ana gunane diterusake.

Putu semendhe ana gedhek kamare sing mulai bolong bolong dipangan rayap. Pangangene ngulandara embuh tekan ngendi papan kang mbok menawa pingin diparani kanggo disuwuni kawelasan mboko sak rupiah apa rong rupiah kanggo nulungi hp ne sing sekarat. Ora suwe banjur Putu ngadek nggejejer ana tengah lawang kamare banjur mbengok sak kuwate “dancuuuuuuk……!!!”

Simboke Putu pancen ora ana omah isuk mau pamit arep ngumbah jarit lan klasa kang wus ora rupa ana kali sapinggire desa. Keprungu suwarane Putu sing mbengok sakuwate tangga teparone kaget banjur padha mara ana omahe Putu kang luwih pantes disebut gubug, yu Sri Rejeki tangga pet omahe banjur takon “ana apa Tu kok kowe mbengok ngono bantere ? dicokot ula apa piye…” durung wae njawab Ahmad bocah mbois sing lagi setengah sasi ana ngomah bubar boro ning Arab Saudi wis numpuki pitakon “masya allah ana apa cak kok gawe kagete wong sak kampung wae..”

“kudu misuh…” jawabe Putu entheng. Ahmad ora nerimani karo jawabane Putu sing ora pati nggagas marang pitakone kuwi mau. “lha yo, misuh kuwi kan ya mesthi ana sebab musababe” Ahmad nguleng sarana pitakon maneh pengin ngerti marang kedadian kang sak mesthine.
“kudu ..” wangsulane karo njekikik rada ngenyek marang Ahmad sing isih kemrungsung pengin ngerti.

Tangga teparo kalebu Yu Sri banjur padha bali mulih menyang omahe dhewe dhewe ngerti yen pancen ora ana perkara kang perlu digatekke. Kabeh wis padha paham yen kelakuane Putu ya ngono kuwi. Kadhang rada nganeh nganehi nadyan ya ora nate gawe kapitunane liyan. Mung masalah kelakuan ing omah kadhang kala rada nganggo senenge dhewe.

Kahanan rada sepi banjur Ahmad nyusul wong wong kang padha bali, rada mangkel atine Ahmad ora entuk jawaban sing trep saka Putu. Ana satengahe dalan Ahmad ketemu pak Dhe Jayus sing kebeneran arep menyang omahe Putu. “badhe tindak pundi pak dhe…” Ahmad takon kanggo abang abang lambe, amarga wingi mari kisinan di ilokke karo Pak Dhe Jayus.
Wektu kuwi pak dhe Jayus tepak jejagongan ana sapinggire dalan karo wong akeh. Yo pancen rada adoh teka desa, padha ngumpul ngumpul karo wong sing ora pasa senajan ingdalem sajrone wulan romadlon. Nanging pak dhe Jayus mung kumpul ben katon regeng ya setengahe karo golek kanca omong. Sebab yen awan tepak wulan pasa ngene iki arang wong padha melek.

Embuh tekan ngendi, menawa wae teka desa liya Ahmad ngliwati wong kang padha jagongan babar pisan ora nganggo suba sita, apa maneh weruh tanggane padha jejagongan ana papan kono kebal kebul ora ya padha ora ngrewes yen wulan romadlon. Ahmad Njrunthul wae kaya kaya ora ana manungsa ing kono, banjur pak dhe pamitan marang kanca kancane enggal nututi Ahmad dijak mlebu ana omahe pak dhe sing ora adoh saka kono. Banjur takon marang bocah sing gemagus sing lagi lulus nyopir ana Arab Saudi.

“teko endi Mad…?” rada rikuh Ahmad banjur mangsuli pitakone pak dhe. “anu pak dhe dugi daleme simbah wonten dhusun sebelah” jawabe Ahmad rada bingung. “apa ya ngono kuwi carane yen liwat ana ngarepe wong sepuh kang lagi padha jagong…?”

Unjal ambegan pak dhe sak durunge neruske omongane. “Aku iki ora butuh mbok ajeni nanging aku ya rumangsa duwe kewajiban ngelingake awakmu, merga kowe ya isih tanggaku ya isih pak dhemu yen isih gelem ngakoni” Ahmad ndhiluk wae ora bisa wangsulan

“Yen kowe ora seneng marang wong kang ora padha pasa ya ora ngono carane. Nyatane pak dhe ya isih gelem ngancani nadyan pak dhe dhewe ya nindaake pasa. Wong wong kuwi ya wis padha ngerti ngendi sing salah ngendi sing kleru, dadi kowe ora perlu kaya ngono anggonmu ora seneng” Ahmad mung manthuk manthuk karo sirahe di tekuk

“Kyaimu biyen wektu kowe ana pondok pesantren mesthine lak ya ngandhani yen urip kuwi kudu ajen kinajen. Lha yen kowe pingin amar ma’ruf ya luwih becik kandhanana kang prasaja ora kanthi emosi sing sareh tur ikhlas anggone ngandhani, utawa yen kowe ora kuwawa ya luwih becik bilqolbi ya ora dadi apa. sing penting atimu tetep ora mbenerake marang kelakuane wong wong kang padha kleru kuwi, nanging ingdalem adabul mu’asyarohe kan ya ora mangkono, ya ta...” pak dhe setengahe nyangkrimi. “inggih pak dhe..” Ahmad mangsuli cekak nadyan pak dhe ya ora pati butuh marang wangsulane Ahmad.

“Kita iki urip ingdalem lingkup sosial lan kudu ngerti kahanan. Apa maneh mekenani karo ajaran da’wah bil hal, ya kuwi dhakwah kanthi tingkah laku sing becik. Sing penting wenehana tuladha kanthi lakumu kang bener, mengko insyaallah wong wong blarutan ya kancane pak dhe kuwi lak padha ngerti dhewe. Ya wis gek ndang bali sepurane pak dhe ya yen ngomong rada akeh marang kowe, nanging iki kabeh merga rasa sayangku menyang awakmu” Ahmad manthuk manthuk thok ora bisa mangsuli, banjur salaman nyucup tangane pak dhene sing pancen kagolong wong meneng kuwi, nanging yen kadhung gelem ngomong ya sak dhunak amoh. ora krasa mbrebes mili Ahmad kaya di seblak nganggo pecut sing banget gedhene (ana candhake)

Tidak ada komentar:

 

Permainan Tradisional


Permainan Lainnya »

Kembang Boreh


Kembang Lainnya»

Laesan


Laesan Lagi»
..

Misteri

Dolanan

Tradisi

Gurit

Kembang ~ Mayang

Puisi

Cer ~ Kak

Laesan

Gambar Misteri

Artikel Disarankan Teman