Sabtu, 11 September 2010

DHANYANG PUTRI KALE

Penulis Zamroni Allief Billah | Sabtu, 11 September 2010 | 11.37.00 |
Zamroni Allief Billah
DHANYANG PUTRI KALE

Kakupeng wit kang akeh tur gedhe gedhe lan yen ningali gedhene, umure kira kira ana yen atusan tahun, bumi kang ana sakiwa tengene kebak gegrumbulan saengga nadyan ing satengahing awan mangsa ketiga katon peteng lan kliwat adhem, engga yen ijen ana panggonan kana mesthi clingak clinguk kaya kaya ana mata kang tansah ngulati

SUMUR KALE pancen sendhang kang pakulinane banyune dijupuk kanggo ngombe, adus, nyuci lan pengairan sawah ana sakiwa tengene, uga sapi sapi kang mulih teka pangonan yen wus wancine nggerek (bali kandhang) mesthi mampir dhisik ngombe ana Sumur Kale.

Dununge ana dusun Kale kang klebu Desa Tengger Kecamatan Sale Kabupaten Rembang. Sumur Kale pancen katon endah saha adhem ingdalem panyawang, iwak cilik mulai wader engga lele lan bulus kabeh ana kana.

Miturut Mbah Sastra sesepuh kang ana dusun Kale nyebutke yen pancen wus dadi padatan sangka simbah buyut biyen ora kena ganggu sakabehing panguripan kang ana sendhang Kale amarga dijaga dening dhanyang kang anyu rupane kang aran Putri Kale.

Putri kuwi jaga karahayunaning samubarang kang ana panggonan kono kalebu iwak lan wit witan. Engga tumekane sak iki ora ana wong kang wani colong jupuk iwak apa dene wit witan kang ana sumur kale.

“yen wani ganggu panguripan ana sendhang kono, putri Kale ora nrimani, biasane lara nganti tumekaning pati” ngono ature mbah Sastra. Miturut mbah Sastra nate salah sawijining dina putune kang manggon ana Jakarta bali menyang desa ing mangsa riyaya. Bocah kelas telu SD kang babar blas ora bisa basa jawa kuwi dolanan karo kanca kancane kang sak pantaran.

Merga weruh panggonan kang endah lan adhem kang ora tinemu ana kutha gedhe Jakarta, Willy putune mbah Sastra jingkrak jingkrak bungah atine langsung njegur ana kedhung sapinggire sendhang. “Willy kamu boleh main tapi nggak boleh ambil ikan yang di dalamnya lo..” ngono welinge Budi kancane sing paling gedhe dhewe. Willy manthuk manthuk ora pati nggagas merga banget senenge, slulup ana banyu kedhung kuwi bareng kanca kancane.

Ora krasa nganti tumekane surup bocah bocah kuwi anggone dolanan, ora ngerti yen mbah Sastra nganti kebingungan nggoleki Willy. Bareng ngerti banjur Willy lan kanca kancane digiring mbah Sastra bali mulih menyang omah.
*************************

Sesuke mbah Sastra bingung atine campur kuwatir ya wedi, merga dumadakan Willy lara panas, raine abang mangar mangar lan nggremeng muni muni ora karuan. “wah apa bocah iki kesambet ana sendhang Kale ” ngono pikire. Banjur Mbah Sastra nimbali kanca kancane sing wingi dolanan bareng Willy.
Kabeh ditakoni apa wingi Willy jupuk iwak ana sendhang Kale. Kabeh gedheg lan Budi kancane sing gedhe dhewe mangsuli “boten mbah malah wingi sampun kula kandhani boten pareng ganggu napa malih jupuk iwak ingkang wonten mrika”. Ayem atine mbah Sastra merga Willy larane ora kran Putri Kale,

Nannging banjur mbah Sastro mesthekake yen putune kuwi ora ganggu apa maneh jupuk iwak kang ana kana. Diperiksa siji siji klambi lan kathok cekak kang wingi dienggo bluron ana sendhang kale. Mak plas kaget atine bareng ngerti ana salah siji sak (kanthong) kathok cekake Willy ana wader kang wus mati ana kana.

Banjur mbah sastra sowan wong pinter kanggo nyuwun suwuk putune sing mbok Manawa kesambet. Ki Kesuma kang wus dadi langganane mbah Sastra saha jujugane wong sakupenge desa kono, dhawuhe malah sangsaya gawe mirising atine mbah Sastra.

“wah bener iki mbah… putumu kena walake Putri Kale, dadi sesembahan lan uba rampene kudu luwih jangkep yen putumu pengin selamet” krungu dhawuhe Ki Kesuma Narendra, mbah Sastra banjur entek atine “mpun mbah pokoke kula pasrah jenengan, masalah uba rampe jenengan ingkang nyekapi mangke kula ingkang ngijoli dhuwite” mbah Sastra pasrah marang Ki Kesuma.

Nanging meneng meneng nalika Mbah Sastra sowan Ki Kesuma bapake Willy ngundang bidan desa kanggo nambani lan mriksa Willy. Merga yen nganti mbah Sastra ngerti biasane ngamuk merga dheweke ya wedi didukani Ki Kesuma.

“ini willy cuma kecapekan dan demam biasa pak, besok kalau obatnya sudah diminumkan insyaallah Sembuh” bareng krungu ucape bidan, atine bapake Willy adhem. Ora let suwe sapungkure bidan bali menyang kantor, mbah Sastra teka saka daleme Ki Kesuma. “tenang wis ditandangi Ki Kesuma, sesuk mesthi waras.” Ucape mbah Sastra mantep.Sesuke pancen Willy wis waras maneh kaya sedya kala mung isih rada lemes.

Tidak ada komentar:

 

Permainan Tradisional


Permainan Lainnya »

Kembang Boreh


Kembang Lainnya»

Laesan


Laesan Lagi»
..

Misteri

Dolanan

Tradisi

Gurit

Kembang ~ Mayang

Puisi

Cer ~ Kak

Laesan

Gambar Misteri

Artikel Disarankan Teman